2 Samuel 11:27b-12:15; Jabur 17; Wahyu 3:7-13
SETYA WIWIT SAKAWIT
“Ingsun mirsa menawa kakuwatanira ora sapiraa,
nanging sira netepi pangandikaningSun sarta ora nyelaki asmaningSun.”
(Wahyu 3:8b)
Trisno saiki wis kuliah. Pancen dheweke ora ketampa neng jurusan sing
dadi karepe, nanging Trisno ngucap sokur dene bisa kuliah sanajan jejere
mung anake wong ora duwe. Mula dheweke rada ngungun nalika nemoni
kanca-kanca sing katon nyepelekake anggone kuliah. Ana sing mung bola-
bali titip absen lan ana sing malah turu neng kelas. Saka wiwitan, Trisno uwis
duwe tekad temen anggone sinau supaya bisa gawe bombonge wongtuwa
sing wis ngrekasa supaya dheweke bisa kuliah.
Asring manungsa punika ewed ngucap sokur. mBokbilih punika awit ing
pamanggihipun, sadaya ingkang kasandhang punika wohing pambudidayanipun.
Nanging menawi boten gadhah raos sokur, manungsa lajeng nganggep
sepele sabarang ingkang sampun dipun gadhahi utawi lelampahan ingkang
saweg dipun adhepi. Waosan ing dinten punika manggihaken kita kaliyan
pasamuwan Filadhelfia ingkang saweg ngadhepi panandhang awit saking
anggenipun dados pandherekipun Sang Kristus. Sanadyan ringkih lan
winates, nanging pranyata pasamuwan kiyat ngadhepi lan setya netepi
pangandikanipun Gusti. Mila, pasamuwan Filadhelfia nampi prasetya badhe
kadadosaken minangka saka-guru Padalemaning Allah lan bilih Gusti Allah
piyambak ingkang badhe ngreksa nalika pasamuwan ngadhepi pacoban.
Prasetya ingkang endah punika katampi awit pasamuwan Filadhelfia
kanthi temen netepi pangandikaning Allah sinaosa nyanggi panandhang.
Sinaosa ing wanci punika kawontenaning pasamuwanipun Gusti saweg sakeca,
sampun ngantos lena. Kosokwangsulipun; sumangga mbangun pakulinan
setya ngupadi lan netepi pangandikanipun Gusti supados nalika kedah ngadhepi
prekawis utawi boten saged endha saking momotaning gesang, pasamuwanipun
Gusti sampun langkung rumiyin kulina gesang setya. Pakulinan ingkang mekaten
badhe nyawisaken manahipun pasamuwan saktemah boten gampil semplah,
nanging badhe tansah tatag-tanggon ngadhepi sakdhengah kawontenan. |*GPY
