+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Kemis, 20 Agustus 2026 Minggu Limrah

Yehezkiel 28:11-19; Jabur 138; I Korinta 6 : 1-11

NGUCAP SOKUR KANTHI GUMOLONGING MANAH
“Paduka badhe kawula puji klayan gumolonging manah, wonten ing
ngajengipun para allah kawula badhe ngidung masmur kagem Paduka”
(Jabur 138:1)

Prakawis-prakawis ing gesangipun manungsa punika saged dipuntampi
kanthi maneka warni cara. Wonten tiyang ingkang nyikepi prakawis ing
gesangipun kanthi boten dipun wawas. Wonten ingkang nyikepi kanthi mawas
bab awonipun mawon. Lan wonten ugi tiyang ingkang nyikepi kanthi mawas
bab ingkang saenipun kemawon. Tiyang ingkang mawas prakawis saking sisih
ingkang awon limrahipun gesangipun kebak ing nggresula. Beda kaliyan
tiyang ingkang nampi prakawis ing gesangipun kanthi kebak ing pangucap
sokur, limrahipun gesangipun kalimputan raos bingah.
Jabur 138 ngatag kita sadaya supados tansah ngraos-raosaken kasaenanipun
Gusti ing gesang kita, saestu Gusti tansah makarya ing gesangipun manungsa.
Nalika ngraosaken kasisahan lan nyanggi momotan ingkang awrat, menawi
kita saged ngucap sokur, kita temtu saged ngraosaken kasaenan lan
pitulunganipun Gusti. Gusti ingkang Maha Agung tansah preduli dhateng
para kagunganipun. Pitulunganipun Gusti nyata ing gesanging manungsa,
awit saking punika kita prelu nanggepi kasaenanipun Gusti punika kanthi
ngucap sokur ing sadaya kawontenan. Pangucap sokur ingkang kanthi
gumolonging manah ndadosaken manungsa tansah dipun kiyataken. Gesang
kanthi kebak raos sokur punika ndadosaken gesang kita kaluberan berkah
tentrem lan rahayu ingkang saking Gusti Allah.
Punapa kita ugi tansah purun niteni lan ngraos-raosaken kasaenan lan
pitulunganipun Gusti ing gesang punika? Punapa kita tansah ngucap sokur
wonten ing ngarsanipun Gusti awit kasaenan lan pitulunganipun? Sinau
saking Jabur 138, sumangga kita tansah ngupadi supados saged ningali sisih
sae saking prakawis-prakawis ingkang kita lampahi ing pagesangan kita.
Manawi kita purun ngraos-raosaken kasaenan lan pitulunganipun Gusti ing
sadaya kawontenan, punika ndadosaken kita saged tansah ngucap sokur
dhumateng Gusti. Berkahipun Gusti tansah tumrah ing gesang kita. Amin |*YCK

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *