Yesaya 56:1, 6-8; Jabur 67; Rum 11:1-2a, 29-32; Mateus 15:(10-20), 21-28
KAPITADOSAN INGKANG ANDHAP ASOR
“Atur wangsulane wong wadon: Kasinggihan Gusti, nanging segawon rak
inggih sami nedha cuwil-cuwilan ingkang dhawah saking mejaning
bedaranipun.” (Mateus 15:27)
Piwulang ingkang asring kita prangguli ing wekdal samangke inggih
punika piwulang ingkang mbereg supados kita dados tiyang ingkang unggul,
ingkang ndadosaken manungsa yakin bilih piyambakipun sae. Ing sisi sanesipun,
ugi wonten piwulang-piwulang luhur ingkang wigati kangge gesang manungsa
nanging dipunsupekaken dening manungsa.
Kathah tiyang ingkang rumaos unggul lajeng ndadosaken piyambakipun
gumunggung. Wonten ing ngarsanipun Gusti, saunggul-unggulipun tiyang,
punika tetep manungsa ingkang ringkih lan saged dhawah ing dosa. Gusti
Allah ngersakaken manungsa punika sami andhap asor.
Cariyos bab pawestri Kanaan ingkang manggihi Gusti Yesus punika
tuladha bilih andhap asoring manah inggih punika ingkang dipunkarsakaken
dening Gusti. Nalika semanten sesambetanipun tiyang Yahudi kaliyan bangsa
sanesipun punika gegayutan kaliyan piwulanging agaminipun. Tiyang Yahudi
sami nganggep bangsa sanes punika tiyang ingkang boten wanuh kaliyan
Gusti utawi kafir. Mila punika, prastawa pepanggihanipun Gusti Yesus kaliyan
pawestri Kanaan punika nelakaken sesambetan ingkang beda. Pawestri
Kanaan ngrumaosi bilih Gusti Yesus punika minangka tiyang Yahudi punika
boten mesthi kersa sesambetan kaliyan piyambakipun. Ananging piyambakipun
saestu pitados lan kebak ing pangajeng-ajeng dhateng Gusti Yesus murih
kasarasaning anakipun. Nalika Gusti Yesus paring wangsulan bilih Panjenenganipun
namun kautus tumrap bangsa Israel, pawestri Kanaan punika tetep nyuwun
sih piwelas saking Gusti Yesus. Iman kapitadosan pawestri Kanaan punika
ingkang damel Gusti Yesus karsa myarasaken anakipun.
Kados pundi sikep kita minangka tiyang pitados, punapa kita ugi dados
tiyang ingkang gumunggung awit kaunggulan dhiri kita pribadi? Sikep andhap
asor wonten ing ngarsanipun Gusti punika bab ingkang wigati tumrap para
pitados. awis saking punika sumangga kita nggulawenthah dhiri pribadi kita
supados boten sami gumunggung, ananging tansah mujudaken sikep ingkang
andhap asor. |*YCK
