+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Setu, 15 Agustus 2026 Minggu Limrah

Yesaya 56:1-5; Jabur 67; Mateus 14:34-36

NDEMEK GOBYOKING JUBAHIPUN GUSTI
“Kalawan matur, keparenga amung ndemek gobyoking jubahe,
dene sapira kang ndemek, padha dadi waras.” (Mateus 14:36)

Iman inggih punika dhasaring sadaya pangajeng-ajeng, lan bukti saking
sadaya ingkang boten kita tingali. Iman punika keyakinan ingkang tuwuh kita
saking punapa ingkang sampun kita lampahi awit saking panguwaosipun
Gusti. Pramila iman ingkang alit tetep badhe saged nindakaken prakawis ingkang
ageng. Kita ugi nate mireng bilih iman saged mindhah gunung minangka
gambaran bilih iman saged nindakaken prakawis ingkang ageng.
Ing margining paladosanipun Gusti, kathah tiyang mangertosi Gsuti
Yesus minangka pribadi ingkang saged nindakaken mukjijat. Dadosa bab
tetedhan kajasmenen, alam, kuwaos nyarasaken tiyang sakit, lan sanesipun.
Tiyang-tiyang Genesaret mangertosi kuwaosipun Gusti Yesus punika, satemah
sami manggihi Gusti Yesus, mirunggan tiyang-tiyang ingkang sakit. Tiyang-
tiyang punika sami gadhah pepingingan nampi mukjijat saking Gusti Yesus.
Namung kanthi ndemek tiyang ingkang sakit, Gusti Yesus sampun saged
nyarasaken tiyang punika. Ing waosan dinten punika dipun cariyosaken
kathah tiyang sakit ingkang sami nyenyuwun supados dipun parenganken
demek jubahipun Gusti Yesus. Tiyang-tiyang punika nggadahi keyakinan
manawi piyambakipun saged ndemek utawi nyepeng gobyoking jubahipun
Gusti Yesus, mesthi saged mantun saking sakitipun. Lan mukjijat kalampahan.
Iman kapitadosan dhumateng panguwaosipun Gusti Yesus njalari tiyang-
tiyang punika nampi kasarasan.
Iman kados punapa ingkang kita gadhahi? Punapa kita ugi gadhahi kayakinan
bilih kuwaosipun Gusti Yesus punika ageng sanget, satemah namung kanthi
nyepeng gobyoking jubahipun kemawon saged ndhatengaken kesarasan?
Tiyang-tiyang Genesaret sampun ngraosaken mukjijat saking Gusti, awit
iman kapitadosanipun. Temtunipun kita ugi saged mujudaken iman kados
tiyang-tiyang Genesaret. Tumindak ingkang prasaja saestu saged dhatengaken
mukjijat nalika dipun dhasari iman kapitadosan ingkang kiyat dhumateng
Gusti. Sumangga kita sami nuwuhaken iman kapitadosan ingkang kiyat
satemah kita ugi saged ngraosaken mukjijat saking Gusti. |*YCK

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *