Yesaya 63:15-19; Jabur 67; Lelakone Para Rasul 14: 19-28
NGIYATAKEN SESAMI SINAOSA NANDHANG SANGSARA
“Ana ing kono rasul karone padha nyantosakke atine para siswa sarta
paring piweling, supaya padha mantep ing pracaya apadene padha
dipangandikani, yen anggon kita lumebu ing Kratoning Allah iku, kalawan
nglakoni sangsara kabeh.” (Lelakone Para Rasul 14:22)
Ing gesangipun, manungsa punika saged ngalami kasangsaran. Kasangsaran
punika marginipun saged saking pundi kemawon, kadosdene sesakit, awit
tumindakipun tiyang sanes, lan kawontenan alam ugi saged dados sumbering
kasangsaran. Menawi kita sangsara awit kita nindakaken tumindak awon,
saged mawon kasangsaran punika wonten awit tumindak kita piyambak.
Ananging nalika kita sampun nindakaken tumindak sae lan tetep ngraosaken
kasangsaran ing gesang kita, kados pundi cara kita nanggepi? Punika gumantung
kaliyan kadiwasaning iman dalah pamawas kita.
Paulus lan Barnabas punika dados tuladha bab pribadi ingkang diwasa
iman lan pamawasipun. Iman, pangajeng-ajeng, lan katresnanipun tuwuh
ngrembaka, satemah saged nggulawenthah kasangsaraning gesang nalika
mulang bab Injil Kratoning Allah. Paulus lan Barnabas asring dipuntampik
dening tiyang kathah, nanging martosaken Injil kanthi sukarena. Prakawis
ingkang ngeramaken dipuntindakaken Paulus lan Barnabas ing Listra, Ikonium,
lan Antiokhia. Sinaosa dipuntampik dening tiyang-tiyang ing ngriku, Paulus
lan Barnabas tetep karsa rawuh ing satengahing pasamuwan. Ing salebeting
kasangsaran, Pulus lan Barnabas nglipur pasamuwan ing ngrika, lan ngiyataken
supados tetep setya ing iman kapitadosan, awit supados saged lumebet ing
Kratoning Allah kedah nglampahi gesang ingkang boten sekeca, kalebet
gesang ingkang sangsara.
Kathah cariyos bab tiyang pitados ingkang nglampahi kasangsaran awit
imanipun. Kita kaatag supados saged nuwuhaken iman kapitadosan kita,
saking ngriku kita saged nglampahi gesang sinaosa nandhang sangsara.
Iman kapitadosan kita dhateng Gusti punika ndayani kita nglajengakan gesang
peparinganipun Gusti. Kita ugi saged nglipur tiyang sanes ingkang sangsara,
sinaosa kita ugi ngraosaken gesang ingkang boten sekeca utawi ugi sangsara.
Pangajeng-ajeng kedah wonten ing gesang tiyang pitados. Sami dene ngiyataken
punika salahsatunggaling cara supados iman kita tansah tuwuh ngrambaka,
saged nampi kawontenan gesang.|*YCK
