+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Kemis, 13 Agustus 2026 Minggu Limrah

Yesaya 25 :20-25; Jabur 67; Wahyu 15: 1-4

GUSTI ALLAH NYUNARI KITA KALAWAN WEDANANIPUN
“Gusti Allah muga paring sih-rahmat lan berkah marang kita,
Panjenengane muga karsaa nyunari kita kalawan wedanane.”
(Jabur 67:2)

Kapitadosan bab panganthi tuwin berkahipun Gusti punika bab ingkang
wigati tumrap tiyang pitados. Gusti ingkang nitahaken, ngrimati lan ngayomi
gesangipun manungsa punika nandhesaken panguwaosipun ingkang mengku
samukawis ing jagad punika. Manungsa minangka makhluk sosial ugi mbetahaken
tiyang sanes ing gesangipun. Tiyang sanes punika saged dados lantaraning
pitulungan, pangayoman lan panganthinipun Gusti Allah, sumbering kakiyatan
lan berkah.
Jabur 67 nedahaken kados pundi panguwaosipun Gusti tumrap jagad
punika ingkang nglangkungi panguwaosipun bangsa-bangsa. Gusti kagungan
panguwaos mangun lan ngruntuhaken sadaya bangsa ing jagad punika.
Sampun limrahipun kita ngucap sokur dhateng Gusti awit kita tasih wonten
ing jagad punika. Karsanipun Gusti punika ingkang ndadosaken kita tansah
gesang ing jagad punika. Kaadilanipun Gusti tumrap sadaya bangsa tansah
wonten satemah para bangsa saged surak-surak ing asmanipun Gusti. Jabur
67 punika ngatag kita supados saged ningali katresnan lan berkahipun Gusti
tumrap kita sadaya. Gusti tansah nyunaraken cahyaning wedananipun tumrap
kita, tiyang pitados, dados gambaran panganthinipun Gusti ingkang nyata.
Minangka makluk sosial, gesang kita mesthi dipunabenajengaken kaliyan
gesang sesarengan ing bangsa Indonesia. Ing sasi Agustus punika kita
ngriyayakaken kamardikaning bangsa Indonesia. Namung awit berkah saking
Gusti kita saged mardika saking penjajahan. Puji sokur dhateng Gusti, awit
berkah punika. Ngupadi sesarengan bab sadaya ingkang saged ndhatengaken
berkah tumrap Indonesia dados tanggel jawab kita sadaya. Gusti nyunaraken
cahyaning wedananipun ugi tumrap bangsa Indonesia. Panganthinipun
Gusti punika ingkang nyagedaken kita nindakaken tumindak ingkang sae
kangge kemajengan bangsa lan nagari Indonesia. Mugi Gusti tansah mitulungi
kita sadaya. |*YCK

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *