Yesaya 51: 17-23; Jabur 145:8-21; Rum 9: 6-13
PINILIH AMARGI SIH RAHMAT IPUN GUSTI
”Malah ora mung iku bae. Kang luwih cetha maneh yaiku Ribkah kang
mbobot saka priya siji, yaiku Ishak, bapa leluhur kita. Sabab nalika bayi-
bayi mau durung padha lair, lan durung nglakoni panggawe becik utawa ala,
— supaya rancangane Allah bab pamilihe tetepa, ora adhedhasar panggawe
nanging adhedhasar timbalane dingandikakake marang Ribkah,
mangkene, “Sing tuwa bakal ngawula marang sing enom” (Rum 9:10–12)
Rasul Paulus nandhesaken biling anggenipun Gusti Allah miji para
leluhuripun bangsa Israel punika sakderengipun sami lair, lan ugi sakderengipun
sami saged nindakake kabecikan utawi ngetingalaken kaluputanipun. Punika
mujudaken timbalan lan sih-rahmating Allah ingkang boten adhedhasar
pikajengipun manungsa, nanging adhedhasar karsanipun Gusti Allah piyambak.
Perkawis punika ngajak kita kangge nglampahi gesang kanthi raos ajrih
asih lan raos sokur dhumateng Gusti Allah, awit punika wujud sih-rahmat
ingkang agung. Awit sejatosipun boten wonten manungsa ingkang pantes
pinilih dening Gusti dados mitra, putra, punapa malih dados ahli warisipun.
Ananging Gusti Allah adhedhasar sih rahmat lan katresnanipun ingkang
agung, kersa miji para tiyang pitados dados umat kagunganipun. Bab punika
ugi nandhesaken supados para kagunganipun Gusti boten sami gumunggung lan
ngasoraken tiyang sanes.
Sumangga kita tampi sih rahmatipun Allah punika kanthi iman lan andhap
asoring manah. Punapa panjenengan saestu kersa nampi sih-rahmatipun
kanthi tulus ing manah? Punapa panjenengan sampun paring wangsulan
tumrap timbalanipun Gusti? Mugi gesang panjenengan ndadosaken pratandha
bilih kita punika umat pilihan, ingkang gesangipun boten manut pikajengipun
piyambak-piyambak, nanging midherek karsanipun Gusti Allah. Saklajengipun,
kita kapurih boten namung nampi sih-rahmatipun Gusti, ananging ugi tansah
mbabaraken kabingahan punika dhumateng sesami. Amin. |*SP
