Wulang Bebasan 10: 1-5; Jabur 145:8-21; Filipi 4: 10 – 15
NGATURAKEN PANUWUN ING SADAYA KAWONTENAN
”Sakehing prakara bisa daksangga ana ing Panjenengane kang paring
kakuwatan marang aku. Allahku bakal nyekapi sakehing kabutuhanmu
laras karo kasugihaning kamulyane ana ing Kristus Yesus.”
(Filipi 4:13, 19)
Rasul Paulus ngaturaken panuwun dhumateng Gusti Allah awit saking
pitulungan, kawigatosan lan tresnanipun pasamuwan ing Filipi, sinaosa kanthi
kawontenan ingkang winates. Rasul Paulus ngandharaken bilih piyambakipun
sampun nampi piwucal saha saged manteb ing sadengah kawontenan:
nalika ing kawontenan sugih, punapa ugi ing kawontenan kecingkrangan,
rikalanipun kedah nampi kanthi marem, utawi kala mangsanipun kekirangan.
Rasul Paulus nglairakén semboyan ingkang misuwur: “Sakehing prakara bisa
daksangga ana ing Panjenengane kang paring kakuwatan marang aku.”
(Filipi 4:13).
Piwucal punika ngetingalaken gesang iman ingkang manteb, boten
gumantung dhumateng kekiyatan saking njawi, nanging lumantar kapitadosan
dhumateng Gusti Yesus. Wontening gesang punika, asring kita rumaos bilih
kabungahan gumantung saking kawontenan ekonomi, kesehatan, utawi
sesambetan becik. Nanging, Paulus ngendikakaken bilih kebagjan sejati
punika kawiwitan saking raos cekap lan rasa syukur ingkang kalairaken
kanthi tulus. Gesang kita dados entheng nalika kita saged ningali berkah
ingkang sampun dipun paringaken, boten ngendelaken samubarang ingkang
dereng mesthi kita tampeni.
Sumangga kita sinau tansah ngucap sokur dhateng saben perkawis
ingkang kelampahan ing gesang kita. Nalika sehat, ngucap syukur, nalika
kataman gerah, tetep ngunjukaken syukur. Sampun ngantos kita ngunjukaken
syukur ndadak ngentosi sepinten kawontenan punika sampurna, tanpa
godha, lan sekeco sedayanipun. Nanging saben wegdal dedonga sinarengan
raos cekap, sumarah, lan ing tresna dhumateng Gusti Allah. Mugi kita saged
nindakaken piwucaling Rasul Paulus: “Gesang kanthi rasa syukur punika
minangka pepadang, ingkang sumunar sanajan ing satengahing margi
gesang akang peteng !”. Amin. |*SP
