+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Senen, 27 Juli 2026 Minggu Limrah

1 Para Raja 3:16-28; Jabur 119:121-128; Yakobus 3:13-18

KAWICAKSANAN SING ASALE SAKA SWARGA
“Balik kawicaksanan kang saka ngaluhur, iku kang dhisik dhewe murni,
sabanjure dhemen rukun, alus ing budi, mbangun turut, sugih
kawelasan sarta awoh kabecikan, ora ilon-ilonen sarta ora lamis.”
(Yakobus 3:17)

Rasul Yakobus melehake tiyang-tiyang ingkang nganggep dhirinipun
pinter lan wicaksana. Panjenengane ngendika bilih kawicaksanan ingkang
sejati boten namung ketingal saking anggenipun pinter ngendikan, nanging
saking kabecikan ing gesangipun. Rasul Yakobus nandhesaken, kawicaksanan
ingkang saking Gusti punika asipat murni, ngudi karukunan, andhap asor,
kebak ing katresnan, lan boten lamis. Lan sedaya punika prelu dipun wujudaken
kanthi tumindak ingkang nyata, boten namung dipun ngendikakaken kemawon.
Kawicaksanan ingkang saking donya asring kenging pengaruh kawontenaning
manah ingkang mboten murni kadosta: raos melik, dengki lan kapentingan
pribadi. Kawicaksanan ingkang adhedhasar kapinteran pribadi punika saged
ndadosaken cecongkrahan, kawontenan ribut, lan ngasilaken woh ingkang
pait. Nanging kawicaksanan saking Gusti punika paring katentreman, ayem,
lan raos nyawiji. Punika ndadosaken kabecikan ing gesang punika tansah
sumrambah lan mbabar kabingahaning dhateng tiyang ing sak kiwa tengenipun.
Sumangga kita tansah ngupadi kawicaksanan ingkang saking Gusti
kanthi ngestokaken lan nindakaken dhawuhipun Gusti. Supados saben putusan,
saben tembung, lan saben tumindak kita punika saged ndhatengaken katentreman
lan kasaenan, sanes pasulayan. Mugi gesang kita dados panglimbang tumrap
kawicaksanan sejati: boten saking buku, nanging saking Gusti. Aja mung
pinter, nanging dados tiyang wicaksana tinuntun dening sabdanipun Gusti.
Amin. |*SP

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *