+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Rebo, 22 Juli 2026 Minggu Limrah

Dhaniel 12:1-13; Jabur 75; Mateus 12: 15-21

GUSTI YESUS SUMBERING KATRESNAN
“Glagah kang pepes ora bakal dikethok lan uceng-uceng kang urube melik-
melik ora dipateni nganti Panjenengane wus ndadekake menange
kabeneran. Apadene bangsa-bangsa bakal padha ngarep-arep
marang Panjenengane.” (Mateus 12:20–21)

Nalika Gusti Yesus pirsa bilih tiyang-tiyang Farisi badhe nyedani
Panjenenganipun, Gusti Yesus lajeng sumingkir. Kathah tiyang ingkang
ndherekaken Panjenenganipun. Kathah ugi ingkang dipun usadani saking
sesakitipun. Gusti Yesus ugi paring dhawuh supados sami nyidem perkawis
punika. Sampun ngantos dipun cariyosaken dhumateng tiyang sanes.
Andhap asoring manahipun Gusti Yesus ing salebeting makarya saged
dados tuladha tumrap kita. Panjenenganipun makarya kanthi sesideman,
boten pados pangalembana saking tiyang sanes. Makarya kanthi kebak raos
tresna lan welas asih. Panjenenganipun ugi kepareng migatosaken tiyang-
tiyang ingkang ringkih lan kecalan dayaning gesang. Satemah tiyang-tiyang
punika sami gumregut, tuwuh gregetipun malih. “Glagah kang pepes ora
bakal dikethok lan uceng-uceng kang urube melik-melik ora dipateni nganti
Panjenengane wus ndadekake menange kabeneran.” Sedaya punika nedahaken
adegipun Gusti Yesus minangka juru wilujeng sumbering katresnan.
Sumangga kita tampi piwucal saking gesangipun Gusti Yesus punika,
supados kita saged dados abdi ingkang andhap asor lan boten gampil njeksani
tiyang sanes. Awit dados tiyang pitados punika sanes bab status, nanging
kedah kawujudaken wonten salebeting tumindak ingkang saget dipun tampi
lan dipun raosaken dening sesami sacara nyata. Mugi kita saged nglairake
katresnanipun Gusti Yesus punika sacara nyata ing gesang. Amin. |*SP

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *