1 Raja-raja 1: 28-37; Jabur 119:129-136; 1 Korinta 4:14 – 20
PITUTUR KANG KEBAK KATRESNAN LAN PATULADHAN
“Bab iki daktulis ora nedya gawe isinmu, nanging kanggo ngelingake
kowe kabeh kang dadi anak-anakku kang dak tresnani.” (1 Korinta 4:14)
Gegayutan kaliyan wontenipun padudon ing satengah-tengahing pasamuwan
awit wonten warganing pasamuwan ingkang ngegung-egungaken Paulus
punapa dene Apolos (4:6), kanthi kebak raos tresna kados dene tiyang sepuh
paring pitutur dumateng putranipun piyambak, Rasul Paulus ngemutaken
lan paring pitutur dumateng Pasamuwan ing Korinta. Paulus ngemutaken
supados para peladosipun Gusti punika katampi kanthi sae, dipun ajeni lan
boten dipun bandhing-bandhingaken. Sanesipun punika pasamuwan ugi
kedah njagi karukunan saha wetahing pasamuwan. Kanthi alus lan kebak raos
tresna Rasul Paulus paring pepemut lan mbudidaya njagi sesambetanipun
kaliyan pasamuwan ing Korinta.
Rasul Paulus ugi ngutus Timotius minangka sulihipun lelados wonten
ing satengah-tengahing pasamuwan. Kanthi pangajab supados Timotius
tansah ngengetaken warganing pasamuwan babagan pranantaning gesang
anyar ingkang sampun nate dipun wucalaken. Ugi murih pasamuwan sami
nuladha lampah gesangipun Rasul Paulus salebeting lelados dumateng Gusti.
Kangge ngemutaken sederek ing patunggilan ingkang nindakaken kalepatan
panci mboten gampil. Saking waosan punika kita sinau kados pundhi
ngemutaken saha mituturi sederek ingkang nindakaken kalepatan. Inggih
punika katindakaken kanthi kebak raos tresna, patuladhan lan kanthi
pangangkah supados tiyang punika mboten ngambali kalepatanipun malih.
Sanesipun punika, wigatos ugi kangge njagi murih karukunan punapa dene
wetahing pasamuwan. Amin. |*PAC
