Zefanya 3:1-13; Jabur 75; Galati 4:21-5:1
KAMARDIKANING ROHANI MINANGKA WARISAN
“Awit saka iku, sadulur-sadulur, kita iki dudu anak-anake batur wadon,
nanging padha dadi anak-anake wanita kang mardika” (Galati 4:31)
Sarana pasemon bab putranipun Abraham saking Hagar ingkang adegipun
minangka batur tukon lan Sara minangka wanita mardika. Paulus nedahaken
bilih tiyang ingkang gesangipun ngandelaken lan kaiket dening pranatan
punika kadosdene turunipun batur tukon ingkang boten saged ngowahi nasibipun,
amargi pranatan nedahaken bab dosa lan kalepatan nanging mboten ndayani
kangge uwal saking dosa lan kalepatan punika. Dene mungguhing tiyang
ingkang pitados dhumateng sih rahmatipun Gusti Yesus, purun ngakeni
kalepananipun lan mratobat, gesangipun kados lare mardika. Amargi sih-
rahmatipun Gusti punika paring pangapunten lan kamardikan saking dosa.
Paulus paring piwucal bilih gesang wonten ing Sang Kristus punika dados
gesang ingkang mardika saking dosa lan paukuman. Namung kemawon,
kamardikan punika kedah kita lampahi kanthi kebak tanggel jawab, boten
sak sekecanipun piyambak. Kita kedah tansah ngudi gesang suci laras
kaliyan kersanipun Gusti minangka tanggapan kita dateng katresnan lan sih
rahmat peparingipun Gusti Allah punika.
Mila, sumangga kita tampi kamardikan rohani punika kanthi mantep
lan wicaksana. Sampun ngantos sesambetan kita Kaliyan Gusti Yesus pedhot
awit tata gesang ingkang namung ngandelaken lan kaiket dening pranatan.
Gesang kita kedah dados pratandha bilih kita punika putra-putraning
parasetyanipun Gusti, ingkang dipun tresnani lan dipun angkat dados warga
Kratoning Allah. Sumangga kita tampi kamardikan sih rahmating Gusti Yesus
punika kanthi kadiwasan, tanggel jawab, lan iman. Ingkang sedaya punika
kita wujudaken srana tata gesang ingkang nindakaken katresnan lan kabecikan.
Amin. |*SP
