Nahum 1: 1-13; Jabur 75; Wahyu 14: 12-20
KASETYAN ING TENGAHING PANGADILAN
“Kang prelu ing kene yaiku sabar-mantepe para suci, kang padha ngantepi
pepakoning Allah lan pracaya marang Yesus. Aku tumuli krungu swara
saka swarga kang ngandika, “Tulisen: Rahayu para wong kang mati lan
matine ana ing patunggilane Gusti, wiwit ing samengko.” “Pancen
mangkono,” pangandikane Roh, “Supaya padha aso saka rekasané, awit
sakehing panggawene padha mbarengi lakune.” (Wahyu 14:12–13)
Kitab Wahyu nelakaken bilih para suci, inggih punika para kagunganipun
Gusti, kedah tansah netepi dawuhipun Gusti, lan tetep pitados dhumateng
Gusti Yesus. Nalika kedah ngadepi panandang saha panganiaya para suci
tetep ngadhepi kanthi iman ingkang bakoh. Punika gambaran nyata bilih
gesang minangka para suci punika boten gampil, dipun betahaken kasetyan
lan katetepaning iman.
Pangadilan pungkasan ingkang nggegirisi badhe kelampahan. Wonten
ing ngriku Gusti badhe mbabaraken keadilanipun. Kados ing pasemon bab
panenan, wohing gesangipun umat badhe dipun timbang, dipun pisahaken
antawising ingkang sae kaliyan ingkang awon. Umat ingkang setya badhe
kalebetaken ing kawilujengan sejati, awit Gusti mbelani tiyang ingkang ing
setya salebeting ngadhepi panggodhaning jagad punika. Para suci ingkang
sami setya, njagi kapitadosanipun dhumateng Gusti Yesus ngantos puputing
yuswanipun. Punika ingkang nampi ganjaran ing dinten pengadilaning jagad.
Sumangga kita tetep setya, sinaosa tantangan ing gesang asring nggodha
gesang kapitadosan kita. Kasetyan punika perlu dipun wujudkaen boten
namung nalika gesang lumampah gampil, nanging ugi nalika kedah ngadhepi
maneka warni kasisahan lan momotan ing gesang. Awit Gusti boten
nglirwakaken umatipun, Panjenenganipun pirsa kabecikan ingkang tansah
kita upadi. Mugi kita pinaringan sih rahmat, dipun keparengaken nampi
kawilujengan ingkang sampurna sesarengan kaliyan barisan para suci. Ing
ngriku kita sami badhe gesang langgeng tetunggilan kaliyan Gusti kita.
Amin. l *SP
