Yesaya 48:6-11; Jabur 65:9-13; Rum 15:14 -21
BENTEN GOLONGAN, NANGING PURUN PRACAYA
“Para Sadulur, aku dhewe pancen yakin mungguhing kowe, yen kowe
wus padha sugih kabecikan, mumpuni ing sakehing kawruh, sarta
kaconggah padha eling-ingelingake.” (Rum 15:14)
Kangge ngiyataken gesang kapitadosanipun pasamuwan ing Rum, Rasul
Paulus mbombong manahipun warganing pasamuwan. Awit sinaosa pasamuwan
ing Rum punika sanes tiyang Yahudi, nanging Rasul Paulus pitados bilih
warganing pasamuwan punika ugi kaparingan kawicaksanan, kabecikan lan
kasagedan kangge samidene ngemutaken ing antawising warga pasamuwan.
Punika ndadosaken kawigatosan bilih saben tiyang ingkang pitados, sinaosa
sanes saking golonganipun tiyang-tiyang Yahudi, dipun paringi daya gesang
saking Gusti Allah kangge ngedalaken uwohing kabecikan.
Rasul Paulus ugi ngendikakaken bilih anggenipun makarya mbabar
pawartos kawilujengan punika adhedhasar timbalan saking Gusti Allah
kangge nyebar Injil dhumateng sedaya tiyang ingkang dereng nate mireng
pawartos kabingahan punika. Dados mboten namung winateng ing
kalanganipun tiyang-tiyang Yahudi kemawon nanging kepara sumrambah
dumateng sedaya bangsa. Perkawis punika kedahipun saged mbereg kita
supados mboten nglokro lan tetep semangat kangge martosaken Injil
sinaosa kedah ngadepi maneka warni pepalang. Awit Roh Suci mesthi badhe
nganthi lan tansah maringi kekiyatan.
Mugi kita ugi saget sinau saking kayektèn punika: minangka peranganing
pasamuwan tansah mbudidaya supados gesang kita saged laras kaliyan
pangandikanipun Gusti temahan kaparingan kawicaksanan, kabecikan lan
kasagedan kangge samidene ngemutaken ing antawising warga pasamuwan.
Kanthi mekaten gesang kita saged tansah ngluhuraken asmanipun Gusti lan
saged dados paseksi tumraping sesami. Sampun ngantos kendho, tetep
semangat majeng ing paseksi lan peladosan, awit Gusti kepareng ngagem kita
kangge paring pepadhang dhumateng tiyang ingkang taksih peteng. Amin. |*SP
