+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Slasa, 30 Juni 2026 Minggu Limrah

1 Para Raja 21:17-29; Jabur 119:161-168; 1 Yokanan 4:1-6

PURUN MRATOBAT
“Bareng Sang Prabu Akhab midhanget pangandika iku, banjur
nyuwek-nyuwek pangagemane lan ngagem bagor sarta siyam.
Malah anggone sare uga ngagem bagor, tuwin manawa lumampah
alon-alonan” (1 Para Raja 21:27)

Sanadyan Prabu Akhab keblinthuk dening Izebel semahipun, nyrobot
kebon angguripun Nabot, nanging pungkasanipun purun mratobat. Prabu
Akhab ngakeni dosanipun ing ngarsanipun Gusti, kanthi pralambang nyuwek-
nyuwek pangagemanipun lajeng ngagem busana bagor, tuwin siyam.
Mratandhani gesangipun wonten kotoripun, ingkang mboten damel renanipun
Gusti, mila lajeng ngasoraken gesangipun lan mratobat.
Mratobat minangka tumindak sae ing gesanging manungsa. Manungsa
ingkang swaunipun sesarengan kaliyan si dosa, gesang ing prekawis ala
lajeng “balik kanan”, nilar si dosa lan tumindak-tumindak alanipun. Lajeng
nyelak kaliyan Gusti, ngadhep dhumateng Gusti menapa dene setya
dhateng pangandikanipun Gusti. Tiyang ingkang mratobat mboten cathuk
lawung malih kaliyan si dosa, awit samangke sampun dados pendherekipun
Gusti. Mboten dados abdinipun si iblis malih.
Tumindak mratobat dados tumindakipun sedaya manungsa ing ngarsanipun
Gusti. Mboten wonten benten-bentenipun, inggih tiyang sugih-mlarat, tiyang
kutha-ndesa, para pejabat-masyarakat limrah, menapa dene warga dewasa
lan putra. Rikala manungsa dhumawah tumindak dosa sageda enget ing
dosanipun, lajeng enggal nilar dosa wau lan mratobat, gesang ing bebeneripun
Gusti.
Manungsa ampun ngantos gumunggung ing kasaenanipun, menapa
dene rumaos sampun sae tanpa kalepetan dosa. Tiyang ingkang mekaten
menika dados tiyang munafik ingkang gesang ing apus-apus. Bebasan bathang
ingkang mambet, nanging dipun bungkus kain ingkang sae lan dipun semprot
parfum. Mila, gandanipun “semerbak”, wangi, sanadyan aslinipun mboten
mekaten. Tiyang ingkang ala lan tumindak dosa, sageda purun ngakeni dosanipun
ing ngarsanipun Gusti. Purun mratobat, wangsul ing margi bebeneripun
Gusti. Ampun ngantos dados tiyang munafik.
Mratobat menika minangka tumindak kinurmatan ing ngarsanipun
Gusti. Sageda katindakaken kanthi gumolonging manah. Amin |*KR

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *