+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Senen, 29 Juni 2026 Minggu Limrah

1 Para Raja 21:1-16; Jabur 119:161-168; Tesalonika 4:9-12

NGESTOKAKEN DHAWUHIPUN GUSTI
“Kawula ngestokaken dhateng dhawuh pepenget Paduka,
sanget anggen kawula remen.”
(Jabur 119:167)

Kathah ingkang mralambangaken pangandikanipun Gusti minangka
dilah ingkang madhangi lampahing tiyang pitados, minangka tetedhan
kasukman ing ndamel tuwuking tata pitados. Sedayanipun menika leres lan
sageda katampi kanthi suka bingah. Pralambang wau prayogi tumrap sedaya
manungsa, supados manungsa tansah celak kaliyan pangandikanipun Gusti
ing sauruting gesangipun.
Ingkang langkung wigatos tumrap warganing pasamuwan inggih
menika nindakaken pangandikanipun Gusti. Tiyang Kristen minangka tiyang
pitados purun nindakaken dhawuhipun Gusti ing sauruting gesangipun.
Kados ingkang dados kekidunganipun Prabu Dawud “Kawula ngestokaken
dhawuh pepenget Paduka”. Ngemu teges kawula purun nindakaken menapa
ingkang dados dhawuh-dhawuhipun Gusti. Kawula mboten nebih saking
pangandikanipujn Gusti, kepara kawula celak, tansak celak lan tansah nindakaken
pangandikanipun Gusti.
Kejawi menika, mesthinipun nindakaken pangandikanipun Gusti kanthi
suka bingah lan gumolonging manah. Ampun ngantos nindakaken dhawuhipun
Gusti kanthi kapeksa lan awrating manah. Menawi taksih ngraosaken kapeksa
saha awrating manah, ateges dereng saged ngraosaken “ecanipun” dhaharan
pangandikanipun Gusti. Pangandikanipun Gusti “eca” ndamel panglipuran
lan suka bingah, ndamel tentrem rahayu lan wilujeng, ndamel gesang nggadhahi
pangajeng-ajeng ing tembe wingking, mboten semplah ing manah.
Ing gesang tata lair manungsa saged remen dhaharan upaminipun sate
ayam, garang asem, ayam tim, utawi namung bothok. Mekaten ugi gesang
tata kasukman, sageda remen tumrap pangandikanipun Gusti. Rikala
pangandikanipun Gusti nuding lepatipun manungsa sageda katampi bebasan
sambel trasi ingkang pedhes nanging ngangeni. Pangandikanipun Gusti
nimbali mratobat, sageda katampi minangka pralambang jamu pait ingkang
ndamel kiyating tata kasukman. Mila, pangandikanipun Gusti dipun tampi
kanthi suka bingah lan gumolonging manah. Amin |*KR

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *