+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Kemis, 11 Juni 2026 Minggu Limrah

Pangentasan 4:18-23; Jabur 100; Ibrani 3:1-6

ABDI INGKANG SETYA, PINILIH, BINERKAHAN GUSTI
“Padha ngabektia marang Pangeran Yehuwah kalawan sukarena,
padha sowan ing ngarsane kambi surak-surak!”
(Jabur 100:2)”

Saking paseksining Kitab Pangentasan 4, kita manggihaken bab wigati.
Gusti Allah paring dhawuh supados Nabi Musa matur dhateng Pringon, bilih
bangsa Israel punika umat kagunganipun Gusti, “Israel iku putraningSun, iya
putraning Sun pambajeng” (ayat 22). Tegesipun, Gusti nampeni umatipun
boten namung minangka abdi, nanging minangka para putra ingkang kinasih.
Ing tadisi kabudayan Yahudi, putra kapisan punika nggadhahi kaluhuran
lan tanggung jawab mirunggan, ing ngriki Gusti maringi tanggel jawab saha
ajining dhiri ingkang luhur dhateng umat pilihanipun. Ing jaman samangke,
sesampunipun Gusti Yesus makarya, kita kaetang ugi minangka umat
kagunganipun Gusti. Umat ingkang piniji. Pramila kita punika ugi kaetang/
dipun angkat minangka putra-putri Allah, boten amargi pancen pantes, nanging
amargi sih-rahmatipun Gusti. Punika ngajak kita nglapahi gesang kanthi ajrih
lan tresna dhumateng Gusti, dados putra-putri ingkang ngluhuraken asmanipun
Gusti.
Jabur 100 nimbali umat Allah: “Padha ngabektia marang Pangeran Yehuwah
kalawan sukarena” Ngabketi utawi ngawula ingkang sejati ngemu teges: setya
bekti, sumuyud, boten ngresula. Nanging ngawula kanthi bungah, tulus, lan
kebak panuwun sokur, awit kita mangertos sinten ingkang dipun bekteni.
Inggih punika Panjenenganipun punika Gusti Allah ingkang nitahaken kita
lan ngayomi kita. Wekasanipun, ngawula punika boten namung tumindak
lahiriah, nanging minangka wujud katresnan, ngabdi, ngabekti lan saos sokur
dhumateng Gusti.
Renungan ing kalodhangan punika nandhesaken bilih: (1) Gusti maringi
kita ajining diri minangka putra-putri dalem, (2) Gusti nimbali kita tansah
ngawula/ngabekti kanthi kabungahan lan tulus, (3) Sang Kristus punika
Putranipun Allah ingkang sejati, Panjenenganipun dados dhasar iman kita.
Menika dhedhasaripun timbalan kita saben dinten: Gesang minangka abdi
ingkang setya, dados putra ingkang ajrih asih, lan umat ingkang ngluhuraken
asmane Gusti. |*LES

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *