Ayub 39:13–25; Jabur 29; 1 Korinta 12:4–13
PANGANDIKA, PANGWASA, PANYANGGANING ROH SUCI
“He para kang manggon ing swarga, pratelakna manawa Sang Yehuwah,
ya mung Sang Yehuwah iku kang kagungan kamulyan lan kakiyatan!”
(Jabur 29:1)
Gusti Allah punika kagungan daya, pangwasa, saha katresnan ingkang
kapratela wonten ing samukawis; ingkang cinipta wonten ing sedaya
pakaryanipun. Kitab Ayub 39 nelakaken bab kewan-kewan ingkang pinilih
dening Gusti: manuk unta, jaran perang, saha kekiyatanipun. Sanajan sedaya
makluk punika ketingal boten sampurna, nanging Gusti tansah maringi sih
lan rinimat supados saben makluk nglakoni peranipun piyambak-piyambak
ing jagad punika.
Jabur 29 ngandharaken bilih swantenipun Gusti punika mirunggan,
pinanggih ing gludhug, banyu, lan mega, nanging ugi mratelakaken katentreman.
“Swantene Sang Yehuwah kebak kakuwatan, swantene Sang Yehuwah
kebak kamulyan” (ayat 4), nanging ing wekdal ingkang sami, Gusti paring
tentrem rahayu dhateng umatipun. Piwulang punika ngengetaken kita
sami, bilih panguwaosipun Gusti boten asipat nggetak utawi ngajrih-ajrihi,
nanging malah nuwuhaken katresnan, pangayoman, saha panglipur.
Woten ing 1 Korinta 12:4–13, kita manggihaken bilih Sang Roh Suci
pranyata paring daya, ugi paring pepadhang, kalebet piwulang, kawicaksanan,
iman, karohanen, lan basa-basa ingkang anyar. Ateges, saben tiyang ing
pasamuwan punika kadunungan kalenggahan mirunggan, nanging sedaya
punika asali-muasalipun saking Roh ingkang sami. Rohing Gusti Allah ingkang
suci. Kita katunggilaken dados satunggal wonten ing Sang Kristus. Alandhesan
Sabdaning Gusti, kita manggihaken bab-bab ing wigati: (1) Gusti Allah punika
Mahakuwaos, nanging ugi maringi katentreman (Jabur 29), (2) Sang Roh Suci
maringi maneka warni karunia ingkang migunani tumrap gesang patunggilan (1
Korinta 12), (3) saben tiyang pitados kaparingan peran ingkang unik, kadosta
manuk unta utawi jaran perang (Ayub 39), murih sedaya titah nindakaken
timbalanipun piyambak-piyambak. Mekaten ugi kita, kaatag tansah makarya
ing gesang kita saben dinten katur kagem kaluhuraning Gusti Allah. |*LES
