+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Senin,25 Mei 2026 Minggu Pentakosta

Lelakone Para Rasul 16:9-15; Jabur 67; Wahyu 21:10:10,22-22:5;
Yokanan 14:23-39

INJILING TENTREM RAHAYU ESTU TANPA WINATES
“Bengine Rasul Paulus mirsani wahyu ana wong Makedhonia
ngadeg lan matur marang panjenengane: Panjenengan kula aturi
nyabrang mriki saha mitulungi kula sadaya”
(Lelakone Para Rasul 16:9)

Sesambetan kaliyan bab ngabaraken Injil, wonten sesanti ”… from … to
the other world”; semangat kangge ngabaraken Injil kawiwitan saking kitha
tertemtu ngantos dumugi ing saindhenging jagad. Daya pangwasanipun Sang
Roh Suci punika ngedab-edabi, ngantos wonten pembereg kiyat sanget tumrap
rasul Paulus kedah ngabaraken Injil dhateng negari manca. Paulus sarom-
bonganipun sampun wiwit nindakaken ngabarakenInjil ing sakjawining Yerusalem.
Tebaning laladan pakabaran Injil saya wiyar malih kadhasaran wontenipun
wahyu tetingalan ingkang dipun tampi dening rasul Paulus. Ing wahyunipun,
Paulus ningali wonten tiyang Makedhonia ngawe-awe, mrenea, tulungana
aku kabeh ing kene! Tetingalan punika dados pratandha easul Paulus kedah
kekesahan ngabaraken Injil dhateng wilayah ingkang langkung tebih ing
sabranging segara. Rasul Paulus sakanca lajeng ngemban misi mangilen
numpak kapal nyabrang mrika. Ngabaraken Injil ing laladan pulo Samotrake,
wilayahipun peprentahan Rum. Pranyata ing taun-taun candhakipun, saya
kathah tiyang manjing pitados dhateng Gusti, lajeng tuwuh pasamuwan-
pasamuwanipun Gusti.
Nekseni cariyos pakabaran Injil kala semanten wau, saestu ngresepaken
manah kita. Pakaryanipun Allah lan daya pamberegipun Sang Roh Suci
ndadosaken para rasul kebak ing kekendelan, ingkang tundhanipun tuwuh
pasamuwan-pasamuwan.
Cariyos punika mbereg kula lan panjenengan sami purun kautus
ngabaraken Injil ing pundia kemawon. Lan ugi mbereg kita sampun ngantos
kendho ngabaraken Injiling tentrem rahayu. Ing dinten punika 25 Mei, kita
mengeti dinten Oikoumene Indonesia, dinten pengetan madegipun Persekutuan
Gereja-gereja di Indonesia (PGI). Manunggaling greja-greja mila ugi perlu
lan punika dados kekiyatan kangge ngabaraken Injil. |*BP

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *