Pangentasan 20:1-21; Jabur 33:12-22; Mateus 5:1-12
SWARGA KACAWISAKEN KANGGE INGKANG MLARAT
“Rahayu wong kang mlarat ing budi, awit iku
kang padha nduweni Kraton ing Swarga”
(Mateus 5:3)
Pangandika ingkang kita raos-raosaken dinten punika pethikan saking
piwulangipun Gusti Yesus ing redi. Tantu kemawon sami cingak, gumun,
mosok inggih Kraton Swarga punika kacadhangaken dados darbekipun para
ingkang mlarat? Lajeng sanesipun kadospundi? Lan boten wonten ginanipun
kita dados tiyang sugih menawi nyatane ora mlebu ing Kraton Swarga?
Kraton Swarga punika peprentahananipun utawi pangrehipun Gusti
Allah ingkang swasanipun tentrem rahayu; tanpa wonten swasana ingkang
ndhatengaken karisakan. Satunggaling tatananing gesang ingkang ayem-
nentremaken, kalis nir- ing sambekala, kebak ing sih-rahmat lan kabingahan.
Gusti ngandharaken bilih ingkang ndarbeni lan ngraosaken kahanan wau
pranyata para tiyang ingkang mlarat ing budi.
Mlarat ing budi boten ateges sekeng ing bab ekonomi kemawon,
nanging mlarat ing budi (miskin di hadapan Allah) punika kawontenanipun
tiyang ingkang tanpa daya (boten namung cara ekonomi ringkih), nanging
ugi tetiyang ingkang rumaos boten gadhah kekiyatan, tiyang ingkang dados
reh-rehaning para pangwasa lan katindhes dening tiyang-tiyang sugih, ingkang
boten saged ngraosaken kaadilan. Inggih tetiyang ingkang boten gadhah
pangajeng-ajeng luwar saking kasangsaranipun.
Tetiyang ingkang kawontenanipun makaten wau, namung saged sesambat,
nyenyuwun lan pasrah dhateng pangwasanipun Gusti Allah ingkang kwasa
mitulungi. Rahayunipun tetiyang wau jalaran sami mangertos ”dalan padhang”
kangge luwar saking karibedan lan tanpa dayanipun lan namung saged
sesambat dhateng Gusti, ingkang badhe mitulungi, satemah sami luwar
saking karibedanipun. Mila saben tiyang ingkang mlarat ing budi, tetepa
sumeleh ing pamengkunipun Gusti. Kratoning Swarga kacadhangaken kangge
tiyang ingkang mlarat ing budi. Amin. |*BP
