Kaimaman 9:1-11; 22-24; Jabur 99; 1 Petrus 4:1-6
AJI MUMPUNG
“… amarga sapa kang wis nandhang sangsara kadagingan iku wis mateni
anggone nglakoni dosa, supaya wektu kang isih ana,aja kok anggo muruti
kepencuting manungsa,nanging mituhua marang ing karsaning Allah”.
(1 Petrus 4:1-2)
Tembung “aji mumpung” adatipun gegayutan kaliyan ngginakaken
wekdal kangge nindakaken bab-bab ingkang boten prayogi. Tuladhanipun
“mumpung sing kagungan dalem ora ana, wah iki kesempatan kanggo
ngunduh pelem sing ana ing pekarangane”. Aji mumpung dados kesempatan
kangge colong-jupuk.
Ningali kawontenanipun tiyang-tiyang Kristen ingkang sumebar ing
kathah papan panggenan, rasul Petrus mratelakaken nalika dereng manjing
dados Kristen gesangipun mila sami mblunthah, jibar-jibur ing salebeting
dosa. Nanging sasampunipun pitados dhateng Gusti Yesus, lan dipun tebus
dening sang Kristus lajeng sami nilar dosa, boten nglampahi dosa malih.
Ewasemanten gandheng taksih sami gesang ing donya, mila pangwasaning
dosa tetep kemawon taksih ndingkik kangge nengga lenanipun manungsa
supados saged dipun reh dening rohing panasaran. Krana taksih wonten
kemawon ancaman saking pangwasaning dosa, para tiyang pitados kaengetaken
supados waspada. Wekdal ingkang taksih wonten ing ngajenging gesangipun
para tiyang pitados kedah dipun ginakaken kanthi leres, sampun ngantos
kepencut hawa nepsuning kadagingan/kadonyan. Mumpung taksih pinaringan
wekdal dening Gusti, taksih pinaringan kalodangan, para tiyang pitados
kedahi tansah ngudi mbangunturut dhateng kersanipun Allah.
Sabda pangandika dinten punika mucal dumateng kula lan penjengan
sami, bilih dosa kita sampun kaapura dening Gusti, mila gesang kita dados
gesang anyar. Mumpung isih diparingi umur dening Gusti, payo padha setya
marang Gusti.Inggih mumpung taksih pinaringan kalodhangan kangge gesanging
pitados, sumangga setya Gusti. Amin. |*BP
