Lelakone Para Rasul 7:55-60; Jabur 31:1-5;15-16; I Petrus 2:2-10;
Yokanan 14:1-14
PANDONGA DADOS SARANA TUMINDAKING PAKARYAN
“Sing sapa pracaya marang Aku, iku bakal nindakake uga panggawe-
panggawe kang Daklakoni… malah kang luwih wigati karo iku… Lan apa
bae kang koksuwun atas saka jenengKu, Aku bakal ngleksanani”
(Yokanan14:12-13).
Limrahipun menawi wonten pangarsa/pemimpin ingkang badhe mutasi
utawi pindhah panggenan dinas, kawontenaken acara pepisahan. Peranganing
waosan dinten punika kelampahanipun nalika Gusti Yesus mratelakaken
anggenipun badhe pepisahan kaliyan para sekabatipun. Panjenenganipun
badhe nilaraken para sekabat kangge nyawisaken papan ingkang mulya
tumraping para sekabat. Panjenenganipun badhe rawuh malih. Dene para
sekabatipun taksih kedah nindakaken ayahan ing donya.
Ing kawontenan gesang tanpa sesarengan cara wadhag klayan Gusti
Yesus, mesthi sami raos kecalan, kamangka tugas ayahan taksih kathah, lah
lajeng kados pundi? Punapa tetep saged nindakaken paladosan; langkung-
langkung Gusti mratelakaken yen para sekabatipun badhe nindakaken
pakaryan-pakaryan ingkang langkung wigati… Punapa saged? Nalika Gusti
nilar para sekabatipun, ayahaning para sekabat saya rowa tebanipun, saya
kathah lan maneka warni perkawis ingkang dipun adhepi; kados pundi ayahaning
para sekabat ingkang awrat punika ing tembe saged dipun tindakaken?
Gusti Yesus paring dhawuh supados para sekabat sami ngganter ing
pandonga. Pandonga ingkang linandhesan ing pakaryan lan kersanipun Gusti
Yesus, boten pikajengipun piyambak. Kanthi makaten Gusti badhe nyembadani
utawi badhe njurungi pandonga wau; Panjenenganipun kepareng paring
daya kekiyatan lan kesagedan nindahakan ayahan awrat ing donya punika.
Pangandikanipun Gusti dinten punika, paring piwulang bilih ing salebeting
nindakaken pakaryan ing sadinten-dinten, sampun ngantos kendho ing
pandonga, tetep teguh ing pangandel dhateng panganthinipun Gusti. Mugi
Gusti mberkahi pakaryan kita. Amin !|*BP
