Purwaning Dumadi 12:1-3; Jabur 31:1-5, 15-16; L. Para Rasul 6:8-15
NILAR SEDAYANIPUN
“Sang Yehuwah dhawuh marang Rama Abraham: “Sira lungaa
ninggala tanahira, kulawangsanira lan omahe bapakira …”
(Purwaning Dumadi 12:1)
Tiyang ingkang pikantuk padamelan ing papan sanes punapa malih tebih
saking griyanipun, mesthi ing manahipun tuwuh mawarni-warni pitakenan:
mengko kepriye ning kana, ing panggonan anyar, ora ana sing kenal,
panggonane kaya apa lan sanesipun. Griya ingkang sampun dados papan
ingkang ngremenaken kedah dipun tilar.
Mekaten temtunipun mawarni-warni pitakenan tuwuh ing pikiran lan
manahipun rama Abraham nalika kadhawuhan nilaraken samukawis
ingkang wonten ing griyanipun, nilar para sedherekipun malah nilar tanah
asalipun, tanah kelairanipun tumuju dhateng papan enggal ingkang dereng
dipun mangertosi. Senadyan mekaten, Rama Abrahan ngestokaken
dhawuhipun Gusti punika. Anggenipun Rama Abraham ngestokaken
dhawuhipun Gusti punika temtu awit ngugemi prasetyanipun Gusti bilih
Gusti badhe nganthi lan nedahaken margi tumuju dhateng ing negari
ingkang kedah dipun tuju. Boten namung punika, rama Abraham badhe
tansah binerkahan ing sauruting gesangipun.
Kita sampun katimbalan nilar gesang kita ingkang lami, nilar sedaya
ingkang kita gadhahi sakderengipun, kadhawuhan mlebet ing gesang anyar
wonten ing sihipun Gusti Allah ingkang tetela wonten ing Gusti Yesus
Kristus. Kita sampun gesang ing gesang anyar wonten ing Sang Kristus.
Punapa kita sampun nilar sedaya ingkang asipat lami? Punapa gesang kita
sampun nelakaken gesang ingkang cundhuk kaliyan dhawuhipun Gusti
Yesus Kristus ingkang sampun nimbali kita?
Ing salebeting kita lumampah netepi timbalanipun Gusti, kathah bab
ingkang saged nyandhungi lampah kita. Setunggal bab ingkang prelu tansah
kita enget lan kita wujudaken, inggih punika berkah ingkang tansah kita
tampi ing gesang kita. Ugi timbalan kangge nelakaken berkahipun Gusti
dhateng sesami. Gusti badhe tansah mitulungi kita anggen kita mbudidaya
nilar gesang lami. Pancen boten gampil, nanging Gusti mesthi mitulungi
kita, temah kita saged nilar gesang ingkang lami. Amin. |*WSMS
