+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Rebo, 22 April 2026 Minggu Paskah III

Pangentasan 24:1-11; Jabur 134; Yokanan 21:1-14

WOHING PAKARYAN KITA
“Njupuka iwak sawatara, oleh-olehane anggonmu mentas njala mau.”
(Yokanan 21:10b)

Saben tiyang ingkang nyambut damel utawi makarya temtu wonten asil
utawi wohipun. Asil utawi woh punika saged sae saged ugi awon, saged
kathah utawi sekedhik, saged ngremenakan lan mbingahaken, saged damel
cuwa. Kathah bab utawi faktor ingkang ndadosaken asiling pakaryan kita
sae punapa boten. Ing antawisipun: sehat punapa nembe sakit; gadhah
semangat punapa nglokro, kanthi greget punapa males-malesan.
Para sakabat, Simon Petrus sakanca, nembe sami dhateng gisiking
seganten Tiberias saprelu badhe pados ulam. Sadalu natas anggenipun
pados ulam, nanging nglaha, boten pikantuk ulam babar pisan. Ing wanci
enjing Gusti Yesus jumeneng wonten ing gegisik lan ndangu kasilipun
anggen sami pados ulam. Awit boten sami pikantuk asil, Gusti Yesus lajeng
dhawuh supados para murid wau ndhawahaken jalanipun ing satengening
prau, mesthi badhe pikantuk ulam. Tanpa mangu-mangu lan tanpa mikir
punapa-punapa para murid nindakken dhawuhipun Gusti, senadyan boten
mangertos bilih ingkang dhawuh punika Gusti Yesus. Dhawuhipun Gusti
Yesus punika wonten asilipun. Jalanipun kebak ulam ngantos boten saged
dipun tarik awit saking kathahipun ulam ing jala punika.
Para murid pancen boten mangertos bilih ingkang dhawuh punika Gusti
Yesus, nanging nindakaken dhawuhipun. Punapa sebabipun? Saged ugi para
murid sampun kesel awit sampun sadalu anggenipun ngupadi. Saged ugi
wonten raos ingkang beda, ingkang ngraosaken bilih dhawuh punika kedah
dipun tindakaken supados pikantuk ulam. Ing manahipun murid ingkang
dipun kasihi lajeng tuwuh raos bilih ingkang dhawuh punika Gusti Yesus. lan
pangrasipun punika saestu leres.
Para murid sampun budidaya lan mbangun-turut ndhawahaken jala ing
sisih tengen prau temah wonten asilipun. Gusti Yesus ngaosi asiling para
murid angenipun njala. Pangaosipun Gusti Yesus punika tetela anggenipun
dhawuh: “Njupuka iwak sawatara, oleh-olehane anggomu mentas njala
iku.” Gusti Yesus ugi ngaosi pakaryan ingkang kita tindakaken kanthi
pambangun-turut dhumateng Panjenenganipun. Amin. |*WSMS

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *