+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Setu, 18 April 2026 Minggu Paskah II

Yesaya 25:6-9; Jabur 116:1-4, 12-19; Lukas 14:12-14

SURAK-SURAK
“… ayo padha surak-surak lan suka-suka marga saka pangluwaran
kang kaparingake.” (Yesaya 25: 9b)

Tiyang ingkang surak-surak punika nelakaken bilih manahipun bingah
lan sukarena. Punapa ingkang jalari surak-surak punika? temtu mawarni-
warni. Saged ugi ulangan utawi ujianipun pikantuk biji sae. Saged ugi saras
saking anggenipun sakit. Saged ugi usaha utawi bisnisipun kasil, pikantuk
bebathen kathah, lan sakpiturutipun.
Yesaya 25:9b ngatag umat sami sukarena lan surak-surak amargi
pangluwaran ingkang kaparingaken dening Sang Yehuwah. Pangluwaran
saking punapa? Pangluwaran saking gesang ingkang mrihatosaken awit
panandhanging umat karana pametekipun bangsa-bangsa sanes. Bangsa-
bangsa ingkang sampun damel sisahipun umat Isreal sampun kaasoraken
dening Sang Yehuwah. Boten namung punika, Sang Yehuwah ugi sampun
nyuwek-nyuwek sandhangan bagor lan kemul tandha kaprihatosan.
Bangsa-bangsa punika sesarengan kaliyan umat Israel nampi kawilujengan
saking Sang Yehuwah. Sang Yehuwah paring pangapunten dhateng bangsa-
bangsa ingkang sampun damel umatipun nandhang sangsara lan kasisahan.
Mekaten kapitadosanipun umat Israel tumrap pakaryanipun Sang Yehuwah
ingkang badhe paring kawilujengan dhateng kathah bangsa. Sang Yehuwah
badhe ngicali pati lan ngusapi eluh sakehing rai (ayat 8).
Karana pakaryanipun Gusti Allah ingkang tetela wonten ing Gusti Yesus
Kristus, sedaya bangsa kaparingan pangapunten lantaran sangsara, seda,
lan wungunipun Sang Kristus. Kita ugi sampun kaparingan pangapunten lan
kawilujengan lantaran Panjenenganipun. Pramila kita prelu tansah
nelakaken gesang kanthi sukarena lan sura-surak awit pakaryanipun Gusti
Yesus punika. Punapa gesang kita tansah kalimputan ing kabingahan lan
sukarena temah kita tansah surak-surak? Kados pundi anggen kita
nelakaken gesang ingkang kebak ing kabingahan lan surak-surak punika?
Gesang kita ingkang kalimputan sukarena temah kita surak-surak
punika punapa awit anggen kita saestu ngraosaken kawilujengan
peparingipun Gusti utawi karana sebab sanesipun? Amin. |*WSMS

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *