Lelakone Para Rasul 2:14a, 36-41; Jabur 116:1-4, 12-19;
I Petrus 1:17-23; Lukas 24:13-35
KATRESNAN PASEDHEREKAN INGKANG BOTEN LAMIS
“… satemah padha bisa nindakake katresnan ing paseduluran
kang tanpa lamis.”
(1 Petrus 1: 22b)
Sumangga gatosaken pangandikan antawisipun A kaliyan B punika,
A: “Lho, kok ora sida mbokgawa. Trus, sapa sing mbokkon ngeterake
mrana? Selak dienggo kok.”
B: “Wegah aku. Lha wong abot tur barang ora mingsra.”
A: “Mau kowe kan wis saguh. Ora mingsra miturut kowe. Kanggone
dheweke kan penting banget.” “Lha kok mencla-mencle. Anggonmu
saguh mau ora tenanan ya? Mung kembang lambe ta?”
B: “Aku mau mung athuk apleng, mung iseng, mung nyoba-nyoba.”
Kasagahanipun B punika saged dipun wastani lamis. Lamis, punapa
tegesipun? Lamis tegesipun boten tulus eklas, tegesipun wonten
pamrihipun, boten kanthi trusing manah, wonten pamrihipun kangge
dhirinipun piyambak, supados dipun sebut tiyang sae.
Ayat 22 nedahaken dhateng kita kados pundi pasamuwan ingkang dipun
kintuni serat dening rasul Petrus saged nandukaken katresnan ingkang
boten lamis. Punapa ingkang ndhasari tiyang saged nindakaken katresnan
pasedherekan ingkang boten lamis? Miturut ayat 22 dhasaripun awit
anggenipun mbangun turut dhateng kayekten, bilih Gusti sampun
maringaken sih-rahmatipun, punika satunggaling kayekten (ayat 13). Kita
sampun katebus dening Gusti Yesus Kristus srana rahipun, srana seda lan
wungunipun, punika satunggaling kayekten (ayat 19). Kita sampun
kalairaken malih dening pangandikaning Allah ingkang gesang lan langgeng,
punika satunggaling kayekten (ayat 23). Wosipun, gesang kita sampun
katebus lan kaanyaraken dening Gusti Yesus Kristus punika satunggaling
kayekten. Inggih punika wujuding sihipun Gusti ingkang ageng lan tulus
dhateng kita. Punika ingkang dados dhasar anggen kita bangun
pasedherekan kanthi tresna ingkang tulus, boten lamis. Mekaten
piwucalipun rasul Petrus dhateng pasamuwan ingkang dipun kintuni serat,
ugi piwucal dhateng kita. Sumangga sami nandukaken katresnan
pasedherekan ingkang tulus, boten lamis, dhateng sinten kemawon. Amin.
|*WSMS
