Yesaya 26:1-4; Jabur 116:1-4, 12-19; I Petrus 1:13-16
PINANGGIH LERES LAN TETEP SETYA
“Gapurané padha wengakna, supaya lumebua bangsa kang bener
lan kang tetep setya.” (Yesaya 26:2)
Sumangga nggatosaken katrangan “leres lan tetep setya”. Punapa
wonten tiyang ingkang kados mekaten? Sejatosipun boten wonten, kados
ingkang sinerat ing Rum 3:10-12, “Ora ana wong kang bener, siji wae ora
ana. Ora ana wong siji-sijia kang duwe budi, ora ana wong siji-sijia kang
ngupaya Gusti Allah. Kabeh wong padha nyleweng.” Menawi mekaten,
kenging punapa Yesaya 26:2 nyerat “bangsa kang bener lan kang tetep setya”?
Yesaya 26 punika mujudaken Masmur liturgis ingkang dipun
kidungaken dening umat nalika badhe lumebet ini Padaleman Suci ing
Yerusalem. Pangibadah punika gegayutan kaliyan pangluwaran saking
negari pambuwangan. Bangsa Israel sampun kaparingan pangluwaran lan
sampun kawawas pinanggih leres lan setya ing ngarsanipun Gusti.
Sakderengipun mlebet dhateng kitha Yerusalem ingkang gapuranipun
dipun jagi rinten dalu, kedah wonten panyuwun gapura punika dipun bikak.
Panyuwunan ingkang kajurungan punika nelakaken bilih ingkang badhe
mlebet punika panci tiyang ingkang leres lan setya. Bangsa Israel
kawastanan leres lan setya mila saged mlebet kitha Yerusalem saprelu
nyaosaken pangibadah sokuripun.
Migatosaken Rum 3:11-12 (kabandhingaken Masmur 14:1-3) kita ugi
kalebet tiyang-tiyang ingkang boten leres lan boten setya. Kedahipun kita
boten saged sowan ing ngarsanipun Gusti menawi korining penggalihipun
Gusti boten kawenganan. Gusti sampun mbikak korining penggalihipun
kangge kita sedaya, awit kita sampun pinanggih leres lan setya karana
pangurbananipun Gusti Yesus Kristus. Panjenenganipun sampun nganggep
kita leres awit anggen kita pitados dhumateng Panjenenganipun, awit kita
sampun prajanji badhe gesang miturut kersanipun, miturut pranatanipun,
senadyan nyatanipun kita taksih asring gesang miturut pikajeng lan
pamanggih kita piyambak. Yesaya 26:2 punika ngengetaken lan mbereg kita
tansah gesang ing kaleresanipun Gusti kanthi setya. Gusti maringi
kasagedan dhateng kita kangge gesang manut ing kersanipun kanthi leres
lan tetep setya. Amin. |*WSMS
