+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Senen, 6 April 2026 Minggu Paskah I

Pangentasan 14:10-31; 15:20-21; Jabur 118:1-2, 14-24; Kolose 3:5-11

PAYO PADHA BUNGAH-BUNGAH!
“Iki dina kang katitahake dening Pangeran Yehuwah, ayo padha
bungah-bungah lan sukarena. Dhuh Yehuwah, Paduka mugi kersaa
paring karaharjan. Dhuh Yehuwah Paduka mugi paring kabegjan”
(Jabur 118:24-25)

Bingah lan sukarena punika dados pangajeng-ajengipun saben tiyang.
Boten wonten tiyang ingkang kepengin sisah. Mila punapa kemawon dipun
udi supados saged ngraosaken kabingahan, sanadyan mawi cara-cara
ingkang nerak ing pranatan, dadosa pranatan sosial punapa-dene
pranatanipun Gusti.
Jabur 118 punika gegayutan kaliyan pangibadah Riyaya Tarub. Tiyang
ingkang badhe ngibadah kedah cecawis rumiyin saderengipun lumebet ing
gapuraning kabeneran (ay. 19), inggih punika gapuraning para tiyang mursid
(ay. 20). Punika nelakaken sinten ingkang badhe mlebet gapura punika
kedah gesang mursid, tansah tumemen anggenipun badhe ngibadah lan
nilar pandamel awon (Jabur 15:1-5). Jabur 118:25, “Dhuh Yehuwah, Paduka
mugi kersaa paring karaharjan”, ing bahasa Indonesia keselamatan, ing
bahasa Ibrani Hosianayah. Tembung punika limrahipun kaunjukaken
minangka saos sokur ing Riyaya Tarub, kangge mangayubagya Gusti Allah
ingkang ngasta kawilujengan. “Dhuh Yehuwah Paduka mugi kersaa paring
kabegjan” punika tegesipun wiyar, boten namung kabegjan samangsa
ngawontenaken riyaya kemawon, ananging ngemu pangajeng-ajeng lan
semangat kangge nglampahi gesang saklajengipun.
Kita sampun lumebet ing mangsa Paskah, tembung Hosiana sampun
kagantos dening Haleluya. Kawilujengan sampun kaparingaken dening
Gusti Yesus lantaran sangsara, seda, lan wungunipun. Pramila, kita
katimbalan tansah gesang ing salebeting kamursidan, nilar kadursilan lan
kadurakan. Kita kadhawuhan mlebet ing gapuraning kawilujengan kanthi
teman-temen lan tansah bingah ing gesang padintenan kita. Amin. |*WSMS

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *