+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Rebo, 1 April 2026 Minggu Pra-Paskah VI

Yesaya 50:4-9a; Jabur 70; Ibrani 12:1-3; Yokanan 13:21-32

MANDENG DHUMATENG GUSTI YESUS
“… mulane payo padha mbuwang sakabehing momotan sarta dosa kang
tansah ngganggu gawe kita, sarta kalawan mantep padha lumayu ing pabalapan kang kawajibake marang kita”
(Ibrani 12:1)

Saben tiyang gadhah momotan ing gesangipun. Momotan punika saged
arupi sesakit, kabetahan ing bab ekonomi, prekawis ing gesang bebrayatan,
ing padamelan lan sapiturutipun. Wonten tiyang ingkang momotanipun
ketingal kathah lan awrat sanget, wonten ugi ingkang ketingalipun namung
sakhedik lan entheng. Saben tiyang ugi beda-beda anggenipun ngraosaken
lan nanggapi momotanipun.
Serat Ibrani bab 12 ayat 1-3 punika ngrembag bab momotan, ananging
momotan ing ngriki beda kaliyan momotan ingkang limrahipun karaosaken
ing gesang padintenan. Perikop punika nyariyosaken momotan ingkang
gegayutan kaliyan dosa. Dosa punika dados momotan ingkang awrat.
Kejawi punika, momotan karana dosa ngganggu gesang kita. kita boten
saged mlampah rikat punapa malih mlajeng. Jangkah kita keganggu temah
mboten saged jumangkah kanthi bebas. Dosa punika ngrendheti lampah
kita lan ngreridhu gesang kita.
Punapa bab punika saged kita atasi? Kados pundi anggen kita badhe
ngatasi? Mboten wonten cara sanes kejawi kita mbucal dosa kita. Kita
nilaraken sedaya pandamel dosa. Kita bucal sedaya pandamel kita ingkang
nerak pepakenipun Gusti, imgkang boten cundhuk kaliyan kersanipun Gusti.
Kadosdene tiyang ingkang tumut ing pabalapan, dosa punika nggandhuli
lampah kita, mila kita mboten saged mlajar. Kita saged mlajar menawi
sedaya pandamel kita amargi dosa kita tilar, kita bucal. Punapa punika
gampil? Temtu boten, awit gesang ing salebeting pandamel dosa punika
ketingalipun ngremenaken lan sekeca.
Pramila serat Ibrani punika ngajak kita mandeng dhumateng Gusti
Yesus ingkang sampun nemahi sangsara lan seda, sampun ngawonaken
dosa. Panjenenganipun nandhang sangsara lan seda kangge kita supados
kita kuwawi nindakaken kersanipun. Supados kita saged mlajar rikat
anggenipun ndherekaken Sang Kristus. Amin. |*WSMS

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *