Yehezkiel 37:1-14; Jabur 130; Rum 8:6-11; Yokanan 11:1-45
PATANGEN LAN KAURIPAN
“Iya Aku iki patangen lan kauripan. Sing sapa pracaya marang Aku
bakal urip, sanadyan wus mati.”
(Yokanan 11:25)
Nalikanipun ngladosi sripah, mirunggan nalikanipun upacara pamethaking
sarira laya wonten ing papan pasarean ingkang pungkasan, sadherengipun
luweng kaurug, palados sripah, mratelakaken pangandika:“Iya Aku iki patangen
lan kauripan. Sing sapa pracaya marang Aku bakal urip, sanadyan wus mati.
Lan sok wonga kang urip sarta pracaya marang Aku, iku ora bakal mati ing
salawas-lawase.” (Yokanan 11:25-26). Sanajan cekak aos, pratelaning
pangandika punika saestu nuwuhaken kekiyatan, panglipur tuwin pangajeng-
ajeng mirungganipun tumrap brayat duhkita.
Sinaosa pratelaning pangandikanipun Gusti Yesus punika kebabar
nalikanipun Gusti Yesus kepareng nangekaken Lazarus ingkang sampun
sekawan dinten kapethak. Boten namung kelampahan nangekaken Lazarus
kemawon. Ananging ugi nangekaken kapitadosaning para-para ingkang
ngraosaken duhkita awit tilaripun Lazarus. Mirungganipun Maria lan Marta,
dalasan masyarakat ing Betania, ingkang ugi ngraosaken kecalan. Malah-
malah, awit saking tanginipun Lazarus, para palayad lajeng manjing pitados
ing Panjenenganipun Gusti Yesus Kristus.
Makaten ugi ingkang kelampahan ing paladosaning sripah samangke.
Sanajan tangeh lamun anggenipun ingkang pejah tangi malih, nanging
pratelaning pangandika punika saestu nyawabi kekiyatan panglipur lan
pangajeng-ajeng. Nuwuhaken kekiyatan awit anggenipun nandhang sisah
boten tinegakaken. Gusti Yesus rawuh lan pidalem ing kadhuhkitaning brayat.
Nuwuhaken panglipur, awit Gusti Yesus piyambak ingkang kepareng mengku
pejah gesanging umatipun. Laras kaliyan pangandika Paulus, “Awit mungguh
ing aku urip iku Sang Kristus, dene mati iku kabegjan” (Filipi 1:21). Punika
nuwuhaken pangajeng-ajeng, bilih kawula; badhea ingkang sampun pejah
punapa dene ingkang taksih gesang, mangkenipun kepareng nampeni gesang
langgeng, sauger tansah setya tuhu kumandel ing Gusti Yesus; Sang Patangen
lan Kauripan.|* AJ
