Yehezkiel 36:8-15; Jabur 130; Lukas 24:44-53
SAWABING PANDONGA
“Panjenengane banjur mbuka pikirane wong-wong mau
supaya padha ngreti marang Kitab Suci.”
(Lukas 24:45)
Nalikanipun nampi bebahan kapurih nyerat renungan Sabda Winedhar
Sinode GKJ. Para penulis punika kalawan mantep, nyanggemi pamudhutan
punika. Awit boten namung taun punika kemawon anggenipun nyerat. Sampun
wongsal-wangsul. Satemah ing salebeting pamuji, mesthi saged netepi
jejibahan punika ing wegdalipun.
Kanyatanipun, wonten kemawon pambenganipun anggenipun sami
mbudidaya ngrampungaken seratan punika. Badhea punika ewetipun peladosan
ing pasamuwan, sripah punapa dene perkawis-perkawis sanesipun ingkang
kedah karampungaken langkung rumiyin.
Pinuju longgar wonten wekdal, nyatanipun anggenipun kepareng nyerat
renungan punika inggih boten mesthi lancar. Ngantos kelampahan satunggal
seratan kemawon, wongsal-wangsul anggenipun ngewahi. Satemah badhe
pasrah lan menyerah. Wujuding pasrah punika lajeng mijikaken wegdal
kangge dedonga langkung rumiyin saderengipun nyerat. Sanyata ngraosaken
langkung lancar anggenipun nyerat. Sanyata nas ing ngginggil nyawabi ing
gesang kawula, bilih Gusti Yesus piyambak ingkang kepareng mbuka
lantiping pemanggih satemah saged mangertosi werdinipun pangandikanipun.
Boten ngemungaken punika kemawon, jer sawabing Sang Roh suci ingkang
kaprasetyakaken ndayani para sakabat klawan kasekten, mangertosi lan
mbabaraken pangandikanipun Gusti. Satemah pratela bab pamratobat lan
panguparing dosa punika, pindha kori ingkang winenga saben wedgal. Boten
wonten perangan ingkang telat, sauger sami kepareng mijekaken wegdal
pidalem ing Yerusalem, inggih pedalemaning Allah. Inggih punika wegdal
kangge sidhem, wegdal kangge ndedonga. Pramila makaten, nalikanipun
lampahing gesang kita bebebasan ngadhepi tembok ingkang kandel saha
inggil, boten wonten perangan sanes ingkang saged katindakaken kejawi
ndedonga. Murih Sang Roh Suci nganthi lan jurungi, tinalesan pamratobat
ingkang dhatan kendat, berkahipun tumrah. Sumangga miwiti sedayanipun
kalawan pandonga!|*AJ
