+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Senen, 16 Maret 2026 Minggu Pra Paskah IV

Yesaya 59:9-19; Jabur 146; Lelakone Para Rasul 9:1-20

GETHING NYANDING
“Jalaran wong iki piranti pilihaningSun kanggo martakake asmaningSun
marang bangsa-bangsa liya sarta para raja lan wong-wong Israel.”
(Lelakone Para Rasul 9:15)

Ing kabudayan Jawi wonten pitutur ingkang luhur inggih punika “gething
nyandhing”. Secara wanthah ngemu pangertosan menawi nggething
mangkenipun bakalan nyandhing. Perangan punika kaetrapaken ing maneka
werni prekawis ing gesang. Badhea punika jodho, pedamelan punapa dene
papan. Contonipun satunggaling pandhita GKJ. Nalika taksih lare, piyambakipun
punika ing wancinipun ngibadah mesthi kesed lan kemba. Wonten mawon
ingkang dados pawadanipun menawi dipun kengken ngibadah. Duka punika
taksih ngantuk, ngleresi wonten kencanan punapa dene tayangan ingkang
sae ing televisi. Ananging samangke saben Minggu prasasat panjenenganipun
malah mimpin pangibadah.
Mekaten ugi ingkang kalampahan ing gesangipun Saulus. Sewau manahipun
Saulus kebak pangancam lan pangigit-igit arsa nguya-uya lan mejahi
pandherekipun Gusti Yesus. Ndilalah, pinuju lumampah badhe nganiaya
pandherekipun Gusti Yesus, piyambakipun malah dipun panggihi Gusti Yesus
Kristus ingkang nguwuh: “Saulus, Saulus ya gene sira kok nganiaya marang
Ingsun?” Tumunten, nalikanipun Ananias kepareng numpangi asta lan
nyarasaken Saulus, Saulus banjur mratobat lan kepareng dados utusaning
Gusti.
Pramila makaten, nalikanipun wonten sedherek ingkang sami dene
nguya-nguya pasamuwanipun, sampuna ngantos gething lan mengsahi,
napa malih nelakaken piwales. Jer Gusti Yesus sampun paring tuladha
nalikanipun kinaniaya bangsanipun piyambak, Panjenenganipun kepareng
ndongakaken lan kepareng paring pangapunten. “Dhuh Rama, tiyang-
tiyang punika mugi Paduka apunten, amargi sami boten mangretos punapa
ingkang dipun tindakaken.” (Lukas 23:34) Srana pandonga lan pangapunten,
boten nama mokal menawi kathah tiyang ingkang sewaunipun gethingi
umatipun, ing tembe malah dados abdinipun kinasih. Kados lelampahaning
Yusuf Roni ingkang gethingi gereja malah kepareng dados Pandhita. Gething
Nyanding!|*AJ

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *