+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Kemis, 12 Maret 2026 Minggu Pra Paskah III

1 Samuel 15:10-21; Jabur 23; Efesus 4:25-32

AMPUN NYENYAMAH SANG ROH SUCI!
“Lan kowe aja gawe sekele Sang Rohing Allah kang suci,
kang wus ngecap kowe kanggo ing dina pangentasan.”
(Efesus 4:30)

Mungguhing tiyang Kristen, ingkang nama dosa inggih dosa. Sanajan
punika namung apus krama, tetep kemawon dosa. Murugaken kekristenan
boten ngetrapaken dosa alit lan dosa ageng. Sami kaliyan dora. Dora
sanajan sembada (bohong putih) tetap kemawon dora. Lan punika kalebet
dosa. Sanajan ta makaten, awit saking pakaryan kawilujenganipun Sang
Kristus, sedaya dosa saged dipun apunteni kejawi dosa nyenyamah Sang
Roh Suci. Cunduk kaliyan nas “Lan kowe aja gawe sekele Sang Rohing Allah
kang suci.” Kados ingkang sampun kebabar ing gesangipun Saul, ratunipun
Israel miturut Kitab 1 Samuel 15:10-21.
Dhawuhipun Gusti Allah dhateng Saul cetha. Sira mangkata, nglurugana
wong kang padha nglakoni dosa iku, padha sirnakna, yaiku wong Amalek.
Sira peranga nglawan wong-wong iku, iku padha sira tumpesa.(ay.18)
Wasana, awit panjurungipun Gusti Allah, anggenipun mangsah perang, unggul
ing yuda, saged ngawonaken tiyang Amalek sak wadyabalanipun. Emanipun
boten sedayanipun dipun sirnakaken. Barang kang pangaji kados dene
lembu lan menda kang lema, dipun jarah rayah. Lah punika ingkang damel
sekelipun Gusti Allah lan keduwung anggenipun sampun kepareng njebadi
Saul minangka ratunipun Israel.
Emanipun Prabu Saul punika sekedik kemawon boten dadha lan nglenggana
bilih sampun nglampahi dosa wonten ing ngarsanipun Gusti. Malah-malah
sami kepareng damel pawadan anggenipun sami kepareng njarah rayah raja
kaya punika saperlu adamel kurban sumaos ing Sang Yehuwah. (ay.15)
Makaten ugi nalikanipun Samuel mratelakaken babagan pandamelipun Saul
ingkang nyingkur Gusti lan adamel sekel penggalihipun, Saul panggah
mangkotaken manahipun, dhatan keduwung punapa malih mratobat. Perangan
ingkang mangkenipun dados jalaran anggenipun sami kalungsur saking
kalenggahan minangka ratuning Israel, lan nemahi pejah klawan nistha.
Sampuna nyenyamah Sang Roh Suci! |*AJ

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *