+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Senen, 09 Maret 2026 Minggu Pra Paskah III

Purwaning Dumadi 24:1-27; Jabur 81; 2 Yokanan 1:1-13

BIBIT, BOBOT, BEBET
“Nanging kowe menyanga tanah asalku lan ing panggonane kulawargaku,
nggolekna jodho anakku Iskak.”
(Purwaning Dumadi 24:4)

Satunggaling tanggung jawabipun tiyang sepuh inggih punika ngentasake
para lare, lumebet ing gesang bebrayan. Murih anggenipun saged lestari,
tentrem lan raharja; anggenipun miji jodho ingkang dados jatu kramanipun
boten angger-angger kemawon. Wonten trapsilaning akrami ingkang kedah
kapundhi. Inggih punika bibit, bobot lan bebet. Wondene bibit punika
magepokan kaliyan trah utawi keturunan, bobot punika nelakaken mutu
utawi kwalitasipun, dene bebet punika mratelakaken bab status sosial punapa
dene ekonomi. Ing antawis tetiganipun ingkang paling wigati inggih punika
bibit. Jer bobot punapa dene bebet punika saged dipun upadi punapa dene
dipun ewahi.
Pramila makaten nalikanipun Rama Abraham kepareng miji wanodya
ingkang kepareng badhe jatu kramanipun Iskak; kang putra, panimbang ingkang
utami inggih punika bibit. Inggih punika wanodya ingkang pinangkanipun
saking trahipun brayatipun Rama Abraham. Sampuna ngantos gegandhengan
kaliyan wanodya Kanaan. Pamijinipun Abraham ingkang miji saking trahipun
piyambak boten nama rasis. Ananging panimbanging manah ingkang lebet;
mirungganipun ing bab kapitadosan ing ngarsanipun Sang Yehuwah.
Saiba begjanipun nalika tuwa-tuwaning abdinipun Rama Abraham nalika
dumugi ing wewengkon leluhuripun Rama Abraham, pinanggih kaliyan wanodya
ingkang ngemu bobot. Inggih punika endah ing warna lan dhemen tetulung.
Inggih punika anggenipun keparing maringi pangomben dhateng para abdi
kalawau sak unta-untanipun. Kacihna menawi wanodya punika yoganipun
Rama Betuel, putranipun Embah Milka patutan kaliyan Embah Nahor; inggih
embahipun Rama Abraham. Kanti makaten nggadahi bibit ingkang sae.
Dene nalika didangu punapa saged nyipeng ing griyanipun, pratela menawi:
“Ing griya kula kathah dami saha tetedhan kewan lan ugi wonten papan
pasipengan.”(ay. 25) mratandhani bilih bebetipun ing pantes. Mugi
anggenipun manggihaken rowang kang sembada satraju bibit, bobot lan
bebet. Gusti mberkahi! |*AJ

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *