Pangentasan 16:27-35; Jabur 95; Yokanan 4:1-6
NGASORAKEN SARIRA; ANJANGKUNG PEPADHA
“Anadene tindake mau kudu miyos ing tanah Samaria.”
(Yokanan 4:4)
Limrahipun nalika wonten arak-arakan, badhea punika arak-arakaning
suporter olah raga punapa dene lare sekolah ingkang sami lulusan, margi
ingkang dipun langkungi punika margi ingkang rame tur padhet. Pamrihipun
supados sedaya tiyang sami nekseni lan njurungi raosing kabingahan
ingkang karaosaken dening ingkang sami arak-arakan punika. Emanipun,
kathah ingkang sami kebacuten. Anggenipun numpak kendaraan klawan
knalpot ingkang sora (bronx), dipun geber-geber lan tumindak brangasan.
Kados-kados radosan punika gadhahanipun piyambak. Boten sami ngaosi
kendaraan sanes ingkang sami langkung. Patrapipun adigang-adigung-adiguna.
Boten makaten tumrapipun Gusti Yesus. Nalikanipun wonten ing tlatah
Yudea, para sakabatipun Gusti Yesus rumaos unggul saking sakabatipun
Yokanan Pembabtis, awit anggenipun mbaptisi tiyang-tiyang gunggungipun
langkung kathah, nalikanipun badhe kundur wonten ing Galilea, Gusti Yesus
miyos Samaria. Sanajan jarakipun langkung tebih, radosan punika kapetang
sepi. Amargi awis-awis tiyang Yahudi ingkang nglangkungi radosan punika.
Srana makaten, mbok menawi wonten raos bombong ing antawisipun para
sakabat; boten kalajeng dados kumalungkung lan tetap andhap asor,
nalikanipun pikantuk pangalembananing tiyang-tiyang ing sauruting margi.
Kejawi makaten, Gusti Yesus kepareng ugi anjangkung tiyang-tiyang
Samaria, ingkang nalika samanten kagolong sanes umatipun Gusti. Punapa
malih ngengingi sesatron ing antawisipun tiyang Yahudi lan tiyang Samaria,
ingkang sampun kebabar atusan taun. Saiba bingahipun nalika tiyang-tiyang
Samaria ingkang dipun panggihi ugi sageda nampeni pratandha baptis.
Ateges sami-sami kadhapuk minangka umat kagunganipun Gusti. Lan
sesatron ing antawisipun tiyang Yahudi lan Samaria sageda enggal kalebur.
paribasan. “Nglurug tanpa bala, menang ditanpa ngasorake.” Ngasorake
sarira; anjangkung pepadha! Gusti Mberkahi! |*AJ.
