+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Kemis, 26 Februari 2026 Minggu Pra Paskah I

Yesaya 51:1-3; Jabur 121; 2 Timoteus 1:3-7

DADOS TULADHA
“Amarga aku kelingan marang pracayamu kang tulus eklas, yaiku pracaya
kang biyen wus dumunung ana ing embahmu Lois lan ibumu Eunike
apadene kang manut keyakinanku uga dumunung ana ing kowe.”
(2 Timoteus 1 :5)

Timoteus punika salah satunggaling muridipun rasul Paulus ingkang
kaanggep minangka putranipun secara rohani. Sinaosa tiyang sepuhipun
Timoteus, inggih punika bapakipun punika sanes tiyang pitados, ananging
ingkang ibu lan ingkang eyangipun punika pendherekipun Gusti Yesus.
Kapitadosan lan kasetyanipun ibu Eunike lan eyang Lois punika dados bab
ingkang wigati tumrap gesangipun Timoteus. Saklajengipun, Timoteus ppunika
saged tuwuh ing kapitadosanipun dhumateng Gusti Yesus. Punapa malih
saksampunipun pepanggihan lan sinau saking rasul Paulus. Timoteus punika
dados abdinipun Gusti ingkang sembada.
Cariyos bab gesangipun Timoteus, ibu Eunike lan eyang Lois punika
nandhesaken wigatosing patuladhanipun tiyang sepuh tumrap putra wayahipun.
Kitab Suci nelakaken bilih Gusti Allah punika paring dhawuh supados tiyang
sepuh nggulawentah anak-anakipun miturut angger-anggeripun Gusti,
“Tembung-tembung kang diprentahake marang kowe ing dina iki, iku
padha gatekna, lan padha wulangna bola-bali marang anak-anakmu …”
(Pangandharing Toret 6:6-7). Ing salebeting memulang lan nggulawentah
anak putu punika, mesthinipun boten namung kanthi pitembungan,
ananging ugi kanthi tumindak ingkang nyata. Kapitadosan lan sikep
gesangipun tiyang sepuh prayogi dados tuladha tumrap putra wayahipun.
Emanipun, taksih kathah tiyang sepuh ingkang nglirwakaken dhawuhipun
Gusti. Taksih kathah tiyang sepuh ingkang namung ngendelaken tiyang sanes
(guru/sekolah, pandhita/greja) kangge nggulawenthah anakipun. Pancen
sekolah lan greja ugi dados sarana kangge ndhidhik lan nggulawentah lare,
ananging tanggel jawab ingkang utami punika kadhawuhaken dhateng para
tiyang sepuh. Sumangga budidaya dados tuladha ingkang nyata kangge anak
putu kita ing bab kapitadosan lan kasetyan dhumateng Gusti kita. Amin. |*ERY

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *