+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Jemuwah, 30 Januari 2026 Minggu Limrah

Pangandharing Toret 24:17-25:4; Jabur 15; I Timotius 5:17-24

AJA NYAHAK WEWENANG
“Kowe aja nyahak wewenange wong bangsa liya lan bocah lola;
lan aja nggadhe sandhangane randha”
(Pangandharing Toret 24:17)

Waosan Pangandharing Toret 24:17 punika dados pepenget ingkang
baken bab kaadilan lan welas asih ingkang kedah dipundarbeni dening
umatipun Gusti. Bab punika kedah katedahaken dhumateng tiyang-tiyang
sekeng lan ingkang kasingkiraken. Gusti Allah paring pranatan dhateng
umatipun supados saged nggatosaken tiyang neneka, bocah lola, para
randha kanthi kaadilan lan katresnan. Sikep ingkang kebak ing kaadilan lan
katresnan punika sejatosipun minangka gambaran sipating Allah ingkang
Maha Adil lan welas asih. Gusti Allah boten namung ngersakaken umatipun
supados saged ngibadah ananging ugi kedah saged nglampahi gesang
ingkang welas asih lan kebak ing kaadilan. Mujudaken kaadilan lan welas
asih dhateng para tiyang ingkang ringkih punika minangka paseksi ingkang
nyata bab katresnanipun Gusti dhumateng sesami.
Ing sejarah Kekristenan, sikep nggatosaken tiyang ingkang kasingkiraken
punika ugi nate katindakaken dening William Wilberforce (1759–1833),
satunggaling politisi Kristen saking Inggris. Wilberforce kawentar awit
pambudiyanipun ngicali tindak dol-tinuku batur ingkang kelampahan ing
negari Inggris. Ing jaman rumiyin, dol-tinuku batur punika dados sumbering
ekonomi ingkang nguntungaken, mila nalika Wilberforce mbudidaya ngicali,
kathah tiyang ingkang boten sarujuk. Ananging awit imanipun dhumateng
Gusti lan keyakinanipun bilih sedaya manungsa katitahaken miturut
pasemonipun Allah, mila Wilberforce boten ajrih. Mataun-taun mbudidaya
lumantar jalur politik kangge ngicali tumindak dol-tinuku batur ngantos
taun 1807 pambudidaya punika saged kagayuh kanthi wujuding Undang-
Undang Penghapusan Perdagangan Budak.
Minangka umatipun Gusti, kita ugi tinimbalan mujudaken raos welas
asih lan kaadilan dhateng para tiyang ingkang ringkih, sekeng, lola lan
kasingkiraken saking masyarakat. Boten namung sacara pribadi, ananging
sesarengan minangka pasamuwanipun Gusti lan sesarengan kaliyan bebadan
sanesipun. Kita kedah saged mujudaken sipating Allah ingkang welas asih
lan adil dhateng jagad. |*IAS

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *