I Samuel 15:34-16:13; Jabur 27:1-6; Lukas 5:27-32
SUPAYA PADHA MRATOBAT
“TekaKu ora ngundang wong sampurna,
nanging wong dosa, supaya padha mratobat”
(Lukas 5:32)
Clive Staples Lewis (1898–1963), sakderengipun dados tiyang Kristen
ing tahun 1931 lan mlebet ing pasamuwan Gereja Inggris, piyambakipun
boten pitados dhateng Gusti Allah alias Atheis. Piyambakipun kapenuhan
ing raos mangu-mangu lan nampik iman Kristen. Punapa malih ibukipun
tilar donya nalika piyambakipun nembe umur 9 taun, dados boten wonten
ingkang nggulawenthah lan nuntun dhateng Gusti. Ananging ing lampahing
gesangipun, penulis Novel The Chronicles of Narnia punika lajeng ngraosaken
bilih Gusti Allah punika nyata lan katresnanipun ugi kaparingken tanpa
mawang tiyang.
Ing bukunipun “Surprised by Joy” Lewis nyariosaken kadospundi
katresnanipun Gusti ngrengkuh piyambakipun ingkang asring nglirwakaken
timbalanipun. Saksampunipun ngraosaken piyambak katresnanipun Sang
Kristus, Lewis mratobat lan gesangipun karaosaken benten. Piyambakipun
ngraosaken langkung binerkahan. Sangsaya kasagedaken nglairaken
seratan ingkang ngukuhaken imanipun, buku ingkang kawentar sanesipun
inggih punika “Mere Christianity.”
Gesangipun lewis punika dados bukti boten wonten tiyang ingkang
tebih ing panjangkunging katresnanipun Gusti Yesus. Astanipun Gusti
tansah tinarbuka nimbali lan nampi sinten kemawon ingkang purun
mratobat, miwiti gesang anyar, purun ndherek panjenenganipun lan
nindakaken timbalanipun. Kados ingkang sinerat ing Lukas 5:32 “TekaKu ora
ngundang wong sampurna,nanging wong dosa, supaya padha mratobat”.
Gusti Yesus rawuh ing jagad punika kangge tiyang-tiyang kados C.S. Lewis,
kula lan panjenengan, ingkang sewau boten pitados dhateng Gusti.
Ananging Gusti sampun kersa milih lan paring kanugrahan ing gesang kita
sami. Begja tumrap kita ingkang purun mratobat, lumebet lan nampi
sihipun Gusti ing gesang. Kita punika tiyang ingkang boten sampurna, tiyang
cacat ing pangraos, pangertosan bab sampurnanipun Gusti. Ananging
kanugrahanipun sampun ngewahi gesang kita. |*IAS
