+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Senen, 12 Januari 2026 Minggu Limrah

Purwaning Dumadi 35:1-15; Jabur 89:5-37; Lelakone Pr. Rasul 10:44-48

KASETYANIPUN GUSTI
“Sih-susetyaning Yehuwah badhe kawula kidungaken ing selaminipun,
kasetyan Paduka badhe kawula suwuraken kaliyan cangkem kawula
turun tumurun.”
(Jabur 89:2)

Kitab Jabur 89 kawiwitan kanthi panguwuh lan pepujen ingkang tulus
saking Etan tiyang Ezrahi tumrap sih susetya lan kasetyanipun Gusti Allah.
Awit saking punika dados adrenging Juru Masmur anggenipun badhe ngidung
ing salaminipun minangka atur panuwunipun dhumateng Gusti. Semanten
ugi dados pamberegipun ing salebeting nepangaken sih lan kasetyanipun
Gusti turun tumurun. Pitakenanipun kenging punapa Juru Masmur badhe
ngidung lan misuwuraken sih kasetyanipun Gusti?
Kados ingkang kaserat ing ayat 3 bilih sih-susetyanipun Gusti binangun
ing salami-laminipun, kasetyanipun Gusti jejeg kados langit. Wiwit Gusti
Allah netepaken Israel dados umatipun, Panjenenganipun tan ewah anggenipun
netepi prasetyanipun lan ing kawontenan punapa kemawon, Gusti Allah
tansah mbabaraken kasetyanipun dhateng bangsa punika. Ing saksisih,
kados ingkang sinerat ing ayat 3 “Ingsun wus karya prajanjian kawalan
pilihaningSun, ingsun wus supaos marang Dawud, abdiningsun.” Punika
nelakaken langgenging prasetyanipun Gusti wiwit Dawud ngantos turun-
tumurun. Awit sih susetyanpun Gusti ingkang langgeng, kasetyanipun ingkang
kukuh ing salaminipun lan prasetyanipun dhateng umat ingkang boten ewah
gingsir punika, milanipun sampun sakmesthinipun Juru Masmur mratelakaken
pangucap sokuripun lan pangidungipun dhumateng Gusti Allah ing salamining
gesang.
Lajeng kadospundi tumrap kula lan panjenengan? Ingkang sampun
pinilih dados umat kagunganipun Gusti. Dadosa ing bingah punapa dene sisah,
punapa kita ugi tansah nggadhahi raos adreng ngluhuraken asmanipun lan kabereg
nyariosaken pakaryaning astanipun Gusti dhateng turun kita sami. Minangka
umatipun Gusti, kita sami tinimbalan nekseni sih susetya lan kasetyanipun
Gusti dados ing gesang pribadi punapa dene ngantos turun-tumurun.
Supados pakaryan kawilujenganipun Gusti tansah lestantun ing gesangipun
umat, kadosdene langgengipun prasetyanipun Gusti dhateng kita. |*IAS

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *