+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Ahad, 11 Januari 2026 Minggu Gusti Yesus Kabaptis

Yesaya 42:1-9; Jabur 29; Lelakone Para Rasul 10:34-43; Mateus 3:13-17

NETEPI KAYEKTEN
“Nanging Gusti Yesus paring wangsulan, pangandikane: Wis ta,
cikben, amarga iya mangkono iku patute Aku lan kowe padha
netepi sakehe kabeneran. Nabi Yokanan tumuli sumarah.”
(Mateus 3:15)

Billy Graham punika kawentar minangka satunggaling penginjil ingkang
ngedab-edabi ing sauruting sejarah Pekabaran Injil. Namung, sakderengipun
kawentar, Billy Graham kedah ngudi gesang ingkang alandhesan pangajeng-
ajeng lan pambangun turut dhumateng Gusti. Kawigatosanipun dhumateng
para kaneman ingkang sampun boten preduli dhateng gereja punika ingkang
katindakaken. Piyambakipun nggadhahi semangat penginjilan ingkang
ageng. Sedaya kalawau saged katindakaken awit tumungkul namung ing
ngarsanipun lan gesang manut ing pangrehipun. Billy nate atur paseksi
“Menawi kita wanuh dhumateng Gusti, Panjenenganipun mesthi badhe
mbikak margi lan maringi kekiyatan kangge nindakaken timbalanipun.”
Ing Injil Matius 3:15, Gusti Yesus nedahaken pambangun turutipun
dhumateng Sang Rama. Nalika Yokanan Pambaptis tuwuh pamangu nalika
badhe mbaptis Gusti Yesus, Panjenenganipun ngandika, “Wis ta, cikben,
amarga iya mangkono iku patute Aku lan kowe padha netepi sakehe
kabeneran.” Sejatosipun Gusti Yesus boten perlu kabaptis awit Panjenenganipun
boten tumindak dosa lan kawengku ing dosa, ananging Gusti Yesus ingkang
milih minangka wujuding pambangunturutipun dhumateng kersanipun
Sang Rama lan patuladhan tumrap kita sedaya. Pangandika punika
mratelakaken kadospundi Gusti Yesus pirsa punapa ingkang kedah dipun
lampahi minangka utusanipun Gusti.
Pambangunturutipun Gusti Yesus ing salebeting nampi baptis punika
ugi dados gambaran tumrap kita sedaya, anggen kita tinimbalan bangun turut
dhumateng Gusti Allah. Sanadyan kalamangsanipun kita angel mangertosi
kanthi gamblang punapa ingkang kinersakaken dening Gusti. Nanging
punika dados pambereg, supados tansah netepi kayekten ingkang sampun
kebabar ing Gusti Yesus. Pramila, sumangga kebaka ing pambangun turut
dhumateng Gusti, awit kanthi mekaten badhe dhatengaken kamulyanipun
Allah lan dados berkah tumrap sesami. |*IAS

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *