+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Setu, 10 Januari 2026 Minggu II Saksampunipun Natal

I Samuel 7:3-17; Jabur 29; Lelakone Para Rasul 9:19b-31

GUSTI INGKANG NGAGEM
“Nanging Saulus saya mundhak gedhe daya-prabawane lan gawe
judheging wong-wong Yahudi kang manggon ing Damsyik,…”
(Lelakone Para Rasul 9:22)

John Newton, ingkang nyerat himne “Amazing Grace,” (KJ 40 Ajaib Benar
Anugerah) punika minangka conto nyata, kadospundi Gusti Allah ngewahi
gesangipun tiyang. Saking tiyang mursal dados abdinipun Gusti. Sakderengipun
mratobat, John Newton punika satunggaling kapten kapal ingkang adol
tinuku batur. Gesangipun kebak ing raos sengit, tindak kekerasan lan boten
purun nggatosaken tiyang sanes. Ananging Gusti ngewahi, nalika kapalipun
katempuh ombyak seganten ingkang ageng lan njalari bocor. Piyambakipun
ajrih sanget, lajeng bengok nyuwun tulung dhumateng Gusti lan mratobat.
Saksampunipun lelampahan punika, Newton, nilar gesang lami, mratobat
malah dados pandhita. Amazing Grace punika, satunggaling pepujen minangka
pangakenipun tumrap agenging sih rahmatipun Gusti ingkang dipuntampi.
Gesangipun Newton punika, ngengetaken dhateng gesangipun Saulus
ing Lelakone Para Rasul 9:22. Saulus kawentar tiyang ingkang remen
nganiaya lan mejahi para muridipun Gusti Yesus. Ananging saksampunipun
Gusti Yesus rawuh ing gesangipun, piyambakipun mratobat lan dados
pendhehrekipun Gusti Yesus ingkang setya. Sewau dadosaken ajrihipun
para murid, nanging saksampunipun pinilih dening Gusti njalari “judheging
wong-wong Yahudi kang manggon ing Damsyik”. Paulus pinilih lan
kaparingan panguwaosipun Gusti Yesus kangge martosaken Injil dhateng
tiyang-tiyang Yahudi dalah bangsa-bangsa sanes. Piyambakipun sampun
mbuktekaken bilih Gusti Yesus punika Sang Mesih. Ing pundi kemawon
nalika martosaken Injil, rasul Paulus winengku ing panguwaosipun Gusti Yesus.
Ewahaning gesangipun Paulus dados bukti bilih sih kanugrahanipun
Gusti punika linangkung ageng katimbang dayaning manungsa. Menawi Gusti
sampun ngersakaken tiyang dados umat kagunganipun, boten wonten
ingkang saged malangi. Menawi tiyang punika sampun kaagem dening Gusti,
Panjenenganipun ugi badhe paring panguwaos supados saged martosaken
kabar kabingahan dhateng sinten kemawon. |*IAS

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *