Yeremia 31:7-14; Jabur 147:12-20; Efesus 1:3-14; Yokanan 1: (1-9), 10-18
GUSTI SAMPUN MAKUWON
“Anadene Sang Sabda wus dadi daging sarta makuwon ana
ing antara kita, lan aku wus padha nyawang kamulyane …”
(Yokanan 1:14)
Ing kamaripun ingkang peteng, Riko nangis sesenggukan,
piyambakipun ajrih. Ibukipun ingkang taksih lenggah ing meja makan
mireng, lajeng ngandika: “ora usah wedi cah bagus, kowe wis mulai gedhe,
kudu wani, wis ndang turu. Riko mireng ingkang kapangandikaken dening
ibunipun, nanging tetep nangis. Tundhanipun inkang ibu lajeng mlebet kamaripun,
lajeng ngrangkul Riko kanthi ngandika: “Ibu neng kene thole, aja wedi
maneh ya” Riko lajeng kendel lan tentrem awit ibukipun ngrangkul piyambakipun.
Kados mekaten punika sih katresnanipun Gusti Allah ingkang sampun
katindakaken dhateng kita sedaya. Nalikanipun jagad dipunkuwaosi
pepeteng lan dosa; Panjenenganipun boten namung paring pangandika
ananging ugi rawuh ing jagad manjalma manungsa inggih lumantar
rawuhipun Gusti Yesus Kristus. Gusti Allah boten namung mbabaraken
sabdanipun ananging Panjenenganipun piyambak ingkang rawuh minangka
pangandika ingkang gesang lan dedalem ing antawis kita.
Injil Yokanan 1:14 punika minangka punjering sih katresnanipun Gusti
Allah ingkang nyata. Sabda ingkang manjalma manungsa punika nggadahi
teges bilih Gusti Allah ngersakaken lan ngraosaken gesang kita, gesang
ingkang ringkih, kadhangkala katempuh ing prahara, kebak ing
kaprihatosan. Ing saklebeting manjalma dados manungsa, Gusti Yesus
kembul bujana sesarengan kaliyan tiyang dosa, nyarasaken tiyang sakit,
mungokaken tiyang pejah, kebak welas asih kaliyan tiyang ingkang siniya ing
gesanging masyarakat. Ing puncaking pakaryanipun, Gusti Yesus kersa
ngurbanaken sariranipun, paring pangapunten lan kawilujengan tumrap
manungsa.
Menawi wekdal punika, para sedherek nembe ngraosaken panandhang
lan kaprihatosan, sumangga tansah engeta dhumateng Gusti Yesus. Awit
Gusti Yesus sampun rawuh lan kersa dedalem ing manah kita.
Panjenenganipun ugi tansah paring kekiyatan, pangayoman lan panglipur
tumrap samukawis perkawis ingkang kita adhepi ing jagad punika. |*IAS
