Purwaning Dumadi 28:10-22; Jabur 72; Ibrani 11:13-22
GUSTI NUNGGIL
“Lah Ingsun nunggil kalawan sira lan Ingsun bakal ngayomi marang sira
ing saparan-paranira lan sira bakal Sunulihake, menyang ing tanah iki
maneh, marga sira ora bakal Suntegakake, nganti Ingsun wus nindakake
sabarang kang wus Sunprasetyakake marang sira.”
(Purwaning Dumadi 28:15)
Yakub nembe keplajeng nilar griyanipun saksampunipun ngapusi Esap
kakangipun. Piyambakipun kesah saking griyanipun, mlampah piyambakan
ing ara-ara samun, raosipun ajrih lan sumelang. Nalika dumugi satunggaling
panggenan (ayat 11), “banjur nginep ana ing kono, marga wus kasurupan
ing srengenge. Nuli njupuk watu siji saka ing panggonan mau dianggo
bantal.” Ing tilemipun, Yakub ngimpi wonten andha ingkang ngadeg ing
bumi ingkang pucukipun sundhul ing langit saha katingal wonten Malaekat
ingkang sami minggah mandhap ing andha kalawau. Lajeng kapireng
swanten “lah Ingsun nunggil kalawan sira ing saparan-paranira…” (ayat 15).
Pangandikanipun Gusti ingkang kados mekaten pancen kabetahaken
dening Yakub, awit ngraosaken lungkrah ing manahipun. Piyambakipun
kijenan, tebih kaliyan brayat, rumaos lepat lan boten mangertos punapa
ingkang badhe kelampahan ing gesang tembenipun. Ananging ing
kawontenan ingkang mekaten, Gusti Allah rawuh lan paring keyakinan
dhateng piyambakipun bilih Gusti Allah boten badhe nilar piyambakipun.
Gusti Allah paring prasetya badhe tansah ngayomi, boten negakaken, badhe
nuntun lan nganthi Yakub ing pundi papan ingkang dipun dhatengi.
Mbokbilih lampahing gesang kita kadosdene Yakub, boten mangertos
ingkang badhe kelampahan, nembe kapeteg, rumaos lepat utawi raos
kuciwa awit kawontenan gesang ingkang tinampi. Sumangga kita sami,
mijekaken wekdal, nilingaken manah lan kapitadosan dhumateng Gusti
malih, supados kita mangertos sejatosipun Gusti boten nilar kita. Gusti Allah
boten negakaken gesang kita. Panjenenganipun tansah ngamping-ampingi
lan nedahaken margi ingkang kedah dipun lampahi. Inggih margi kayekten
ingkang badhe nuntun kita ing kamulyan lan kraharjaning gesang dados ing
jagad punapadene ing kalanggengan. |*IAS
