Pangentasan 12:1-13, 21-28; Jabur 40:6-17; Lelakone Pr. Rasul 8:26-40
PITADOS
“Atur wangsulane Sang Filipus: menawi panjenengan pitados
kanthi gumolonging penggalih, kenging. Paring wangsulane:
Kula pitados, bilih Gusti Yesus Kristus punika putraning Allah”
(Lelakone Para Rasul 8:37)
Ing satunggaling dinten, wonten lare alit ingkang nembe sinau nglangi
ing kolam renang. Pelatihipun sampun nyemplung ing kolam, nggatosaken
lare ingkang dipun latih, saklajengipun pelatih punika dhawuh supados lare
punika mlumpat lan nyemplung ing kolam. Lare punika kendel, semu ajrih
lan mangu-mangu badhe nyemplung ing kolam. Pelatihipun mbengok: “cah
bagus, ora usah wedi, pracayaa karo bapak, mengko nek njegur bapak bakal
nampani, ayo ora perlu wedi!” Saksampunipun mireng ingkang mekaten,
anak punika nyemplung lan nglangi dumugi ing pelatihipun.
Lelampahan punika ngengetaken kita dhateng cariyosipun priyagung
penjaga kaputren saking Ethiopia. Saksampunipun Filipus njlentrehaken bab
Gusti Yesus ingkang sampun kaweca ing Kitab Yesaya, manahipun priyagung
punika rumaos trenyuh. Saklajengipun nalika lampahipun kekalihipun dumugi
papan ingkang wonten toyanipun. Priyagung punika lajeng matur: “Lah punika
wonten toya. Punapa wonten pambenganipun, bilih kula dipun baptis?”
Mireng pandangunipun Priyagung punika, Filipus lajeng ngandika: “Menawi
Panjenengan pitados kanthi gumolonging penggalih, kenging.” Tanpa
mangu-mangu, priyagung punika atur wangsulan: “Kula pitados, bilih Gusti
Yesus Kristus punika Putraning Allah.”
Wangsulanipun priyagung punika nelakaken agenging pitadosipun
dhumateng Gusti Yesus, priyagung punika kanthi manteb atur paseksi bilih
Gusti Yesus punika putraning Allah ingkang sampun pinesthi rawuh ing
jagad milujengaken gesanging manungsa. Priyagung punika boten namung
mangertosi piwulanging kayekten bab Gusti Yesus, ananging pitados kanthi
gumolonging manah bilih Gusti Yesus punika Sang Mesih.
Minangka kagunganipun Gusti, saestu pitados Gusti Yesus punika ingkang
badhe milujengaken gesang ing jagad punapa dene ing kalanggengan. |*IAS
