+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Rebo, 31 Desember 2025 Pungkasaning Taun

I Para Raja 3:5-14; Jabur 20; Yokanan 8:12-19

NYUWUNA KAWICAKSANAN

Lan menawa lakunira metu ing dalan kang Suntedahake lan lestari manut sakehing katetepan lan prentahingSun, padha kaya ramanira  Dawud,

 IngSun bakal paring tambahing umurira

(I Para raja3: 14)

Dinten punika Rebo 31 Desember 2025, mujudaken dinten pungkasan ing taun 2025. Menawi kita raos-raosaken, saestu kathah sanget pengrengkuhipun lan panuntunipun Gusti. Mekatena ugi berkah ingkang kepareng kita tampi. Sinaosa dereng sedaya rancangan kita saged kasembadan. Ing pungkasaning taun punika, kita kaajak sami nyenyuwun dhateng Gusti, supados ingkang dereng ginayuh ing tahun punika saged kasembadan ing taun 2026.

Waosan kita wekdal punika nyariosaken lelampahanipun Sang prabu Suleman, ingkang kanthi adreng dedonga dhateng Allah supados kaparingan kawicaksanan salebeting madeg dados pangarsaning nagari, nglajengaken ayahaning ramanipun inggih punika Sang Pabu Dawud. Sang Prabu Suleman nyuwun kawicaksanan saking Gusti supados saged nglelimbang perkawis ingkang sae lan ugi prekawis ingkang awon, murih saged dados pangarsa ingkang dhatengaken katentreman dhateng sedaya umat. Temtu Gusti badhe netepi menapa ingkang dipun suwun malah Gusti Allah paring pangandika sauger sang Prabu Suleman tansah lumampah ing margining kaleresan, manut miturut kersanipun Gusti badhe pinaringan ugi yuswa panjang.

Kadhang kala kita aben ajeng kaliyan kawontenan ingkang ngedahaken kangge netepaken pilihan gegayutan kaliyan prekawis prekawis ingkang nembe kita adhepi, tanpa nyuwun kawicaksanan dhateng Gusti awit rumaos saged ngatasi samukawis. Sumangga kita nyuwun dhateng Gusti supoados tata lampah gesang kita ing tahun ingkang badhe kelampahan, tansah ngener dhateng dhawuhipun. Sumangga kita tansah nyadhong kawicaksanan saking Gusti murih kita saged nglampihi gesang ingkang nyondhongi kersanipun Gusti ing saben ari. Wilujeng lumebet ing warsa anyar, Gusti tansah berkahi. |*YS

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *