Yesaya 40:1- 11; Jabur 72:1-7;18-19; Yokanan 1:19-28
ANDHAP ASOR
“Nabi Yokanan ngaken kanthi bares: Aku iki dudu sang Kristus”
(Yokanan 1:20)
Tiyang jawi punika sugih kawruh, sugih pangertosan, sanepan punapa dene rumaket ing pasedherekan utawi kekadangan. Kathah piwucal ingkang lebet pangertosanipun. Tuladhanipun, “ajining raga iku saka busana”, ingkang nggadahi pangertosan bilih tiyang punika badhe dipun ajeni utawi dipun urmati saking anggenipun mangangge rasukan ingkang prayogi. “Ajining dhiri awit saka obahing lathi”, tegesipun menawi tiyang badhe dipun ajeni utawi dipun urmati punika gumantung kaliyan punapa ingkang dipun ngendikakaken.
Waosan kita wekdal punika nyariosaken bab pakaryanipun Nabi Yokanan Pambaptis minangka utusanipun Gusti kangge nyawisaken rawuhipun Gusti Yesus ing jagad. Nabi Yokanan nguwuh-uwuh supados bangsa Israel sami mratobat. Wekdal semanten kathah tiyang ingkang sami nginten bilih Yokanan Pembaptis punika Sang Mesih (Sang Kristus) piyambak. Pramila lajeng sami taken, “Panjenengan menika sejatosipun sinten?” Paring wangsulanipun Nabi Yokanan,”Aku dudu Sang Kristus.” Saking pangandika punika nedahaken bilih Nabi Yokanan punika piyantun ingkang jujur, lembah manah lan andhap asor. Pramila kathah tiyang ingkang ngajeni lan urmat dumateng Nabi Yokanan Pambaptis punapa dene piwucalipun.
Sinaosa tiyang nggadahi panguwaos ingkang ageng, kalenggahan ingkang inggil, bandha ingkang kathah ananging menawi nggadahi watak gumunggung limrahipun lajeng dipun singkiri lan mboten dipun ajeni dening tiyang sanes. Awit watak gumunggung punika saged ngirangi raos urmat saking masyarakat.
Awit saking punika sumangga kita sami nuladha nabi Yokanan Pembaptis, sarana tumindak andap asor lan jujur, temahan tiyang sami remen ningali tata gesang kita, ngajeni utawi urmat lan pungkasanipun purun nampi pawartos kabingahan ingkang kita wartosaken. |*YS
