+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Jemuwah, 5 Desember 2025 Minggu Adven I

Yesaya 30:19-26; Jabur 72:1-7;18-19; Lelakone Para Rasul 13:16-25

NENGGA

“Awit saka iku Pangeran Yehuwah ngantos-antos marang wektune anggone

bakal ngatingalake katresnane marang kowe kabeh, mulane banjur jumeneng arep nandukake kawelasan marang kowe kabeh. Amarga Pangeran yehuwah iku, Gusti Allah kang adil, rahayu sakehe wong kang nganti-anti

marang Panjenengane”

(Yesaya 30: 18)

Limrahipun tiyang ingkang nembe keyungyun punika kepengin nyukani punapa kemawon ingkang linangkung aji lanendah dhateng tiyang ingkang dipun tresnani. Wonten kalanipun boten namung awujud barang ananging ugi kawigatosan punapa dene pambereg. Asring ugi kelampahan ngantos kesupen dhateng pedamelanipun lan langkung nengenaken tiyang ingkang dipun tresnani punika. Punapa malih menawi raos tresnanipun punika dipun imbangi dening tiyang ingkang dipun tresnani.

Waosan kita wekdal punika nedahaken kawontenaning bangsa Israel ingkang nampi bebendu awit mbalela dumateng Allah lan malah mlajar pados pitulungan dhateng negari Mesir. Sinaosa mekaten, katresnanipun Gusti Allah punika langgeng. Pramila Panjenenganipun kepareng ngatingalaken katresnanipun dumateng bangsa Israel sauger sami purun mratobat.

Katresnan, kawigatosanipun Gusti punika tanpa wates. Awit tresnanipun dumateng kita, Panjenenganipun kepareng nandukaken katresnan dhateng kita sinaosa kita asring damel kuciwa Penggalihipun. Mila saking punika sumangga kita tanggapi katresnanipun Gusti Allah punika kanthi mbangun sesambetan ingkang leres kaliyan Gusti lan kita wujudaken pamratobat kita kanthi gesang laras kaliyan punapa ingkang dados kersanipun Gusti Allah. Temahan gesang kita saged dados pisungsung ingkang adi wonten ngarsanipun Gusti lan damel renaning pengalihipun Gusti Allah. Panjenenganipun sampun nengga kanthi kebak ing katresnan. Kados pundi tanggapan kita? |*YS

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *