+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Setu, 20 September 2025 Minggu Limrah

Yesaya 5:8-23; Jabur 113; Markus 12:41-44

MISUNGSUNG SAKING KEKIRANGAN

“Amarga kabeh padha misungsung saka ing kaluwihane, dene randha iki nyaosake saka ing kakurangane, malah kabeh kang dadi duweke,                                                            yaiku kabeh kang minangka panguripane.

(Markus 12:44)

Kathah tiyang ingkang andum berkah dhateng tiyang sanes punika amargi wonten ingkang saged dipun bagi. Punapa malih manawi gadhahanipun kathah. Saged paring pambiyantu awujud arta dhateng sedherek sanes ingkang kekirangan amargi gadhah arta ingkang linangkung. Menawi artanipun sekedhik utawi kangge kabetahan piyambak kemawon kirang, punapa saged atur pambiyantu dhateng tiyang sanes?

Nalika semanten Gusti Yesus lenggah ngadhepi pethi pisungsung ing Padaleman Suci kangge migatosaken kados pundi tiyang kathah misungsungaken arta ing pethi. Kathah tiyang sugih ngaturaken pisungsung kanthi gunggung ingkang ageng. Lajeng wonten satunggaling randha mlarat nglebetaken arta kalih peser, inggih punika arta receh ingkang paling alit piyambak.

Gusti Yesus boten kasengsem dhateng punapa ingkang dipun lebetaken tiyang-tiyang sugih ingkang kathah gunggungipun, ananging malah dhateng pisungsungipun randha mlarat ingkang namung kalih peser punika. Gusti lajeng nimbali para muridipun kangge migatosaken pisungsungipun randha mlarat punika.

Gusti Yesus ngendika dhateng para murid bilih randha mlarat punika ngaturaken langkung kathah katimbang sedaya tiyang ingkang ngelbetaken arta  ing pethi pisungsung.  Alesanipun karana sedaya sami ngaturi saking kaluberanipun, nanging randha punika ngaturaken saking kakiranganipun, malah sedaya ingkang wonten, inggih punika arta ingkang dipun gadhahi.

Gusti boten mirsani bab sacara lairipun kemawon, nanging mirsani manah.  Sinaosa randha punika ngaturaken arta ingkang sekedhik, nanging piyambakipun misungsungaken kanthi agenging katresnan.  Randha mlarat punika gesang ing kekirangan, nanging saged nyaosaken pisungsung kagem Gusti kanthi kebak panuwun sokur. Malah ngurbanaken sedayanipun kanthi kebak ing kabingahan. Mangga sinau misungsung saking manah sinaosa kakirangan. |*DAC

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *