Zakharia 1:7-17; Jabur 9:1-14; Rum 2:1-11
PAMRATOBAT
“Apa kowe arep ngremehake lubering kamirahan sarta sabar sarehe Gusti
Allah? Apa kowe arep ora sumurup manawa kamirahane Gusti Allah
iku nuntun kowe marang pamratobat?”
(Rum 2:4)
Standar utawi ukuraning kasucenipun Allah punika saestu inggil piyambak,
boten saged kagayuh dening manungsa. Punapa malih manawi manungsa
dipun adili adhedhasar standaripun Allah, tamtu awrat sanget. Rasul Paulus
nelakaken bilih manungsa badhe dipun adili adhedhasar ukuran ingkang
secara boten langsung punika dipun tamtokaken piyambak. Ingkang remen
njeksani tiyang sanes lan nganggep dhirinipun leres, badhe kajeksan srana
menapa ingkang dipun tindakaken dhateng tiyang sanes (Rum 2:1-3).
Pangadilanipun Gusti Allah menika boten pilih-pilih, badhe katindakaken
dhateng sedaya manungsa. Boten wonten ginanipun kita mbandhing-
bandhingaken dhiri kita kaliyan tiyang sanes awit wonten ing ngarsanipun
Gusti punika boten wonten ingkang kaaling-alingan. Manawi kita tumindak
dosa, suwanten ing manah kita boten saged selak. Punika nedahaken bilih
menawi kita kaemutaken amargi dosa-dosa kita, estu punika sih kamirahanipun
Gusti ingkang ngersakaken kita mratobat.
Rasul Paulus nyerat bilih “manawa kamirahane Gusti Allah iku nuntun
kowe marang pamratobat” (ay. 4). Pamratobat punika kawiwitan saking
kamirahan lan kasaenanipun Allah. Pramila, cara ingkang leres kangge
mratobat inggih menika kanthi nampeni sih-kamirahanipun Gusti ing
gesang kita, saklajengipun lumantar ewah-ewahaning sikep lan pamikiran
kita ingkang kebak dening kabingahan lan panuwun sokur. Kita kedah
ngiseni pikiran kita kaliyan kasadharan bilih Gusti Allah menika Maha
tresna, ingkang nresnani kita kanthi katresnan ingkang langgeng. Sumangga
kita bingah-bingah awit Allah nresnani kita kanthi katresnan ingkang langgeng.
Gesang tansah saos sokur awit kanugrahan lan peparingipun Gusti ingkang
sae sarta sampurna. Pamratobat tamtu gegayutan kaliyan pangibadah kita.
Pangibadah ingkang sejati punika boten namung awujud ritual lan sanes
formalitas kemawon, ananging kinanthenan kanthi ewah-ewahaning manah lan
tumindak nyata ingkang nedahaken katresnan, kaadilan lan welas asih
dhateng sesami ingkang mbetahaken. |*SAR
