Zefanya 1:7,12-18; Jabur 90:1-8, (9-11), 12; 1 Tesalonika 5:1-11; Mateus 25:14-30
SETYA LAN TANGGEL JAWAB
“Sabab sing sapa duwe, bakal kaparingan, nganti luber. Nanging sing sapa
ora duwe, bakal kapundhutan sabarang darbeke kabeh.”
(Mateus 25:29)
Ing salebeting nglampahi pagesangan punika, kita kedah enget bilih
donya punika namung panggenan kangge mampir sawetawis. Tujuan
pungkasanipun inggih punika nyatunggil kaliyan Gusti Allah ing salami-
laminipun. Ananging, donya punika nawakaken kanikmatan, kamewahan
lan kasenengan ingkang saged ndamel kita lena temahan kesupen tumrap
tujuan utami kita. Pramila kita kedah tansah jumaga lan waspada awit
gesang kita winates lan saged purna kapan kemawon.
Waosan Kitab Suci dinten punika nerangakan bab dintenipun Gusti
ingkang sampun celak (Zef. 1:70. Panyuwunan supados gesang nggadhahi
manah ingkang wicaksana (Jab. 90:12). Bab dinten rawuhipun Gusti Yesus
punika kawontenanipun kadosdene maling ing wanci dalu (1 Tes 5:2),
tegesipun boten dipun nyana. Kita kaengetaken supados nglampahi gesang
punika kanthi setya lan tanggel jawab kadosdene para abdi ingkang
ngrigenaken talenta ingkang dipun pitadosaken dening bendaranipun, ngantos
dumugi sakonduripun ingkang bendara (Mat. 25:29). Wekdal antawis tindakipun
lan konduripun ingaeng bendara punika dados kalodhangan tumrap para
abdi kangge ngrigenaken talenta punika satemah ndhatengaken kauntungan.
Gusti kepareng maringi wekdal utawi kalodhangan dhateng kita punika
saestu kanugrahan ingkang aji sanget. Boten amargi kita pantes nampeni,
ananging awit Gusti Allah saestu nresnani kita. Pramila, minangka tiyang
ingkang sampun nampi katresnanipun Allah, kaatag kangge ngisi lan
nglampahi gesang kanthi nindakaken perkawis-perkawis ingkang sae lan
positif, kadosta: memangun pagesangan kalebet pagesanganing pasamuwan,
olah tresna dhateng sesami lan sedaya titahipun Gusti, mitulungi sesami
ingkang mbetahaken pitulungan, gesang kanthi wicaksana lan boten sembrana,
sarta gesang kebak raos sokur. Mugi Gusti paring kekiyatan lan kesagedan
supados kita saged ngginakaken talenta lan kanugrahan ing gesang kita
punika kagem kamulyanipun Gusti. Amin. |*SAR
